Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 22:12-17 Kitab Sutji (JAV)

12. Mung bae, Pangeran Yehuwah muga maringi sira kalimpadan lan pangreten sarta karsa ngangkat sira dadi kang nyekel paprentahan ing Israel, supaya sira netepana angger-anggering Sang Yehuwah, Gusti Allahira.

13. Sira bakal bisa nggayuh apa kang sira karepake, manawa sira kalawan setya nindakake katetepan-katetepan lan pranatan-pranatan kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa tumrap wong Israel. Atinira disantosa lan ditatag, aja wedi lan aja giris.

14. Lah sanadyan ana ing sajroning kasusahan, ingsun wus nyawisake kanggo padalemaning Sang Yehuwah iku emas satus ewu talenta lan salaka sayuta talenta sarta tembaga lan wesi akeh banget, nganti bobote ora kena katimbang; ingsun uga wus nyawisake kayu lan watu. Nanging prayogane sira wuwuhana maneh.

15. Sarta maneh sira duwe tukang akeh banget, tukang natahi watu, tukang batu, tukang kayu lan para wong kang ahli ing bab pagawean warna-warna,

16. ing babagan emas, selaka, tembaga lan wesi kang cacahe ora kena kaetung, wiwita tumandang! Pangeran Yehuwah muga nganthia marang sira!”

17. Sang Prabu Dawud nuli paring dhawuh marang sakehe panggedhening Israel supaya padha mbiyantu Pangeran Suleman, kang putra, pangandikane:

maca bab lengkap 1 Babad 22