Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 22:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Sang Prabu Dawud banjur ngandika: “Ana ing kene iki padalemaning Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, lan ana ing kene iki misbyahe wong Israel kanggo saos kurban obaran.”

2. Sang Prabu Dawud dhawuh nglempakake para wong manca kang ana ing nagarane wong Israel lan banjur ngangkat tukang-tukang kang natani watu kanggo ngedegake padalemaning Allah

3. Karodene Sang Prabu Dawud nyawisake wesi akeh banget kanggo gawe paku kang kanggo gapura lan bakale angkur, uga tembaga akeh banget kang nganti ora kena tinimbang bobote,

4. sarta kayu eres kang cacahe ora kena ditung, amarga wong Sidon lan wong Tirus padha nggawa kayu eres akeh banget kagem Sang Prabu Dawud.

5. Amarga Sang Prabu Dawud nggalih: “Suleman, putraningsun, isih timur lan pengalamane kurang, mangka padaleman kang bakal kayasa kagem Pangeran Yehuwah iku gedhene kudu ngleluwihi, satemah banjur kondhang lan misuwur ana ing sakehing nagara, mulane ingsun becik cecawis!” Sang Prabu Dawud nuli cecawis akeh banget sadurunge seda.

6. Sawuse iku kang putra Pangeran Suleman banjur katimbalan lan kaparingan dhawuh piweling supaya yasa padaleman kagem Pangeran Yehuwah, Gustu Allah Israel,

7. mangkene pangandikane marang Pangeran Suleman: “He putraningsun, ingsun piyambak kagungan karsa arep yasa padaleman kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahingsun,

8. nanging nuli ana pangandikaning Pangeran Yehuwah marang ingsun mangkene: Sira wus ngwutahake getih akeh banget lan wus nglakoni perang gedhe. Mulane sira aja ngedegake padaleman kagem asmaningSun, amarga wus akeh getih kang sira wutahake ing lemah ana ing ngarsaningSun.

9. Lah sira bakal duwe anak lanang, kang bakal dadi wong kang pinaringan katentreman. Iku bakal Sunparingi katentreman, uwal saka ing sakehe mungsuhe ing sakubenge. Bakale jenenge Suleman; tentrem-rahayu lan santosa bakal Sunparingake marang Israel ing salawase madege.

10. Iku kang bakal yasa padaleman kagem asmaningSun lan iya dheweke iku kang bakal dadi putraningSun, sarta Ingsun bakal jumeneng dadi Ramane; dhamparing karatone ing Israel bakal Sunkukuhake nganti ing salawas-lawase.

11. Mulane saiki, he putraningsun, Pangeran Yehuwah muga nganti marang sira, satemah sira kelakon bisa ngedegake padalemaning Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira, kayadene kang wus kapangandikakake tumrap sira.

12. Mung bae, Pangeran Yehuwah muga maringi sira kalimpadan lan pangreten sarta karsa ngangkat sira dadi kang nyekel paprentahan ing Israel, supaya sira netepana angger-anggering Sang Yehuwah, Gusti Allahira.

13. Sira bakal bisa nggayuh apa kang sira karepake, manawa sira kalawan setya nindakake katetepan-katetepan lan pranatan-pranatan kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa tumrap wong Israel. Atinira disantosa lan ditatag, aja wedi lan aja giris.

maca bab lengkap 1 Babad 22