Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 21:4-16 Kitab Sutji (JAV)

4. Ewasamono dhawuhing ratu iya kapeksa katindakake dening Sang Yoab; mulane Sang Yoab banjur tindak ndlajahi wewengkone Israel kabeh, nuli bali menyang ing Yerusalem.

5. Sang Yoab nuli ngaturake oleh-olehane cacah-jiwaning rakyat. Ing antarane wong Israel kabeh ana sayuta satus ewu kang bisa nyekel pedhang, lan wong Yehuda ana patang atus pitung puluh ewu kang bisa nyekel pedhang.

6. Anadene wong Lewi lan Benyamin ora kalebokake ing cacah jiwa, amarga dhawuhe Sang Prabu iku kaanggep nistha dening Sang Yoab.

7. Nanging prakara iki ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, mulane wong Israel banjur kagebag dening Gusti Allah.

8. Sang Prabu Dawud nuli munjuk marang Gusti Allah: “Kawula dosa sanget; jalaran kawula tumindak makaten punika; milanipun sapunika Paduka mugi karsaa nebihaken kalepataning abdi Paduka, amargi pratingkah kawula punika gemblung sanget.”

9. Nanging Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Gad, wonge sidik Sang Prabu Dawud:

10. “Sira mangkata, matura marang Dawud: Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Ingsun ngajengake telung prakara ana ing ngarepira; sira miliha salah siji, iku bakal Suntandukake marang sira.”

11. Gad tumuli sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Dawud lan banjur munjuk: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Sira miliha:

12. telung taun pailan utawa telung sasi lawase keplayu saka ing sangareping mungsuhira, tur sira kasusul ing pedhanging mungsuhira, apa ing sajroning telung dina pedhanging Yehuwah, yaiku pageblug, ana ing nagara kene, lan Malaekate Sang Yehuwah nganakake pepati ana ing saindenge tanahe wong Israel kabeh. Milanipun sapunika paduka kawula aturi nggalih, wangsulan punapa ingkang kedah kawula unjukaken dhateng ingkang ngutus kawula.”

13. Sang Prabu Dawud tumuli ngandika marang Gad: “Manah kawula sisah sanget, keparenga kula dhumawah ing astaning Yehuwah, awit ageng sanget sihkadarmanipun; nanging sampun ngantos kula dhumawah ing tanganing manungsa.”

14. Ing kono Pangeran Yehuwah banjur ndhatengake pageblug ana ing antarane wong Israel, wong Israel kang mati pitung puluh ewu.

15. Gusti Allah uga ngutus malaekat menyang ing Yerusalem supaya nganakake pepati, nanging bareng arep tumindak, Pangeran Yehuwah mirsani bab iku temah banjur apiduwung dene arsa ndhatengake kasangsaran iku, wasana banjur ngandika marang malaekating pepati mau: “Wus cukup! Saiki tanganira sira undurna!” Ing nalika iku Malaekate Pangeran Yehuwah lagi jumeneng ana ing sacedhake panutone Ornan, wong Yebus.

16. Bareng Sang Prabu Dawud tumenga, mirsa Malaekate Sang Yehuwah jumeneng ing antarane bumi lan langit, astane nyepeng pedhang ligan, kang kaacungake ing dhuwure Yerusalem, Sang Prabu Dawud lan para pinituwa, kalawan mangagem bagor, banjur padha sujud.

maca bab lengkap 1 Babad 21