Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 21:23-30 Kitab Sutji (JAV)

23. Atur wangsulane Ornan marang Sang Prabu Dawud: “Sumangga kawula aturi mundhut, Gusti kawula Sang Prabu mugi karsaa nindakaken punapa ingkang kagalih sae. Lah, kawula ngunjukaken lembu punika kagem kurban obaran, sarta keser panuton punika kagem kajeng bong, dene gandum punika kagem kurban dhaharan, sadaya punika kawula caosaken.”

24. Nanging Sang Prabu Dawud ngandika marang Ornan: “Ora mangkono, iku arep sunpundhut kanthi rega samesthine, awit ingsun ora karsa mundhut darbekira kagem Pangeran Yehuwah lan ora karsa saos kurban obaran, kang ora kalawan mbayar apa-apa.”

25. Sang Prabu Dawud nuli maringi marang Ornan emas bobote nem atus sekel, minangka patukone panggonan iku.

26. Sang Prabu Dawud banjur yasa misbyah kagem Pangeran Yehuwah ana ing kono, tumuli caos kurban obaran lan kurban kaslametan sarta nyebut marang Sang Yehuwah. Pangeran Yehuwah iya banjur paring wangsulan marang panjenengane kanthi geni kang tumurun saka ing langit marang ing dhuwure misbyah kurban obaran mau.

27. Pangeran Yehuwah nuli dhawuh marang malaekat mau supaya mrangkakake pedhange.

28. Ing nalika iku uga Sang Prabu Dawud nyaosake kurban obaran ana ing kono, bareng mirsa, manawa Pangeran Yehuwah wus paring wangsulan marang panjenengane ana ing papan panutone Ornan wong Yebus mau.

29. Tarub suci yasane Nabi Musa ana ing pasamunan lan misbyah kurban obaran ing nalika iku ana ing tengger pangurbanan ing Gibeon.

30. Nanging Sang Prabu Dawud ora wani tindak mrana, sowan marang ing ngarsaning Allah nyuwun pitedahe amarga ajrih marang pedhange Malaekating Sang Yehuwah mau.

maca bab lengkap 1 Babad 21