Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 21:17-30 Kitab Sutji (JAV)

17. Sang Prabu Dawud munjuk marang Gusti Allah: “Rak kawula punika ingkang aken ngetang rakyat, saha kawula piyambak ingkang dosa tuwin ingkang nindakaken piawon, nanging menda-menda punika sami nglampahi punapa? Dhuh Pangeran Yehuwah, Gusti kawula, asta Paduka mugi ndhawahana kawula saha kulawangsa kawula, nanging sampun ngantos tumempuh dhateng umat Paduka.”

18. Sawuse mangkono Malaekating Pangeran Yehuwah tumuli utusan Gad matur marang Sang Prabu Dawud, manawa Sang Prabu Dawud kadhawuhan tindak sarta yasa misbyah kagem Pangeran Yehuwah ana ing papan panutone Ornan, wong Yebus.

19. Sang Prabu Dawud banjur tindak miturut ature Gad kang kaucapake demi asmaning Pangeran Yehuwah.

20. Ornan lagi nutu gandum, bareng mengo weruh Malaekate mau; anake papat, kang melu dheweke, padha ndhelik.

21. Bareng Sang Prabu Dawud rawuh ing panggonane Ornan, Ornan ndengengek lan bareng weruh Sang Prabu Dawud, tumuli metu saka ing papan panutone sarta banjur sujud ana ing ngarsane Sang Prabu Dawud, raine konjem ing bumi.

22. Sang Prabu Dawud ngandika marang Ornan: “Papan panuton iki caosna marang ingsun, arep sundegi misbyah kagem Pangeran Yehuwah. Prayogane caosna marang ingsun kalawan rega samesthine, supaya wewelak iki lereh anggone nempuh rakyat.”

23. Atur wangsulane Ornan marang Sang Prabu Dawud: “Sumangga kawula aturi mundhut, Gusti kawula Sang Prabu mugi karsaa nindakaken punapa ingkang kagalih sae. Lah, kawula ngunjukaken lembu punika kagem kurban obaran, sarta keser panuton punika kagem kajeng bong, dene gandum punika kagem kurban dhaharan, sadaya punika kawula caosaken.”

24. Nanging Sang Prabu Dawud ngandika marang Ornan: “Ora mangkono, iku arep sunpundhut kanthi rega samesthine, awit ingsun ora karsa mundhut darbekira kagem Pangeran Yehuwah lan ora karsa saos kurban obaran, kang ora kalawan mbayar apa-apa.”

25. Sang Prabu Dawud nuli maringi marang Ornan emas bobote nem atus sekel, minangka patukone panggonan iku.

26. Sang Prabu Dawud banjur yasa misbyah kagem Pangeran Yehuwah ana ing kono, tumuli caos kurban obaran lan kurban kaslametan sarta nyebut marang Sang Yehuwah. Pangeran Yehuwah iya banjur paring wangsulan marang panjenengane kanthi geni kang tumurun saka ing langit marang ing dhuwure misbyah kurban obaran mau.

27. Pangeran Yehuwah nuli dhawuh marang malaekat mau supaya mrangkakake pedhange.

28. Ing nalika iku uga Sang Prabu Dawud nyaosake kurban obaran ana ing kono, bareng mirsa, manawa Pangeran Yehuwah wus paring wangsulan marang panjenengane ana ing papan panutone Ornan wong Yebus mau.

29. Tarub suci yasane Nabi Musa ana ing pasamunan lan misbyah kurban obaran ing nalika iku ana ing tengger pangurbanan ing Gibeon.

30. Nanging Sang Prabu Dawud ora wani tindak mrana, sowan marang ing ngarsaning Allah nyuwun pitedahe amarga ajrih marang pedhange Malaekating Sang Yehuwah mau.

maca bab lengkap 1 Babad 21