Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 21:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Kacarita iblis gumregah nglawan wong Israel sarta mbujuk marang Sang Prabu Dawud supaya ngetung wong Israel.

2. Sang Prabu Dawud nuli ngandika marang Sang Yoab lan marang para panggedhening rakyat: “Sira padha mangkata, cacahna wong Israel wiwit ing Bersyeba nganti tekan ing Dhan sarta oleh-olehane aturna marang ingsun, supaya ingsun nguningani cacahe.”

3. Unjuke Sang Yoab: “Mugi-mugi Pangeran Yehuwah mewahana kaping satusipun ingkang wonten punika. Dhuh Gusti kawula Sang Prabu, punapa sadaya punika sanes abdi paduka? Punapa sababipun dene Gusti kawula kok kagungan karsa makaten? Punapa sebabipun dene tiyang Israel kedah nanggel kalepatan margi saking prakawis punika?”

4. Ewasamono dhawuhing ratu iya kapeksa katindakake dening Sang Yoab; mulane Sang Yoab banjur tindak ndlajahi wewengkone Israel kabeh, nuli bali menyang ing Yerusalem.

5. Sang Yoab nuli ngaturake oleh-olehane cacah-jiwaning rakyat. Ing antarane wong Israel kabeh ana sayuta satus ewu kang bisa nyekel pedhang, lan wong Yehuda ana patang atus pitung puluh ewu kang bisa nyekel pedhang.

6. Anadene wong Lewi lan Benyamin ora kalebokake ing cacah jiwa, amarga dhawuhe Sang Prabu iku kaanggep nistha dening Sang Yoab.

7. Nanging prakara iki ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, mulane wong Israel banjur kagebag dening Gusti Allah.

8. Sang Prabu Dawud nuli munjuk marang Gusti Allah: “Kawula dosa sanget; jalaran kawula tumindak makaten punika; milanipun sapunika Paduka mugi karsaa nebihaken kalepataning abdi Paduka, amargi pratingkah kawula punika gemblung sanget.”

9. Nanging Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Gad, wonge sidik Sang Prabu Dawud:

10. “Sira mangkata, matura marang Dawud: Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Ingsun ngajengake telung prakara ana ing ngarepira; sira miliha salah siji, iku bakal Suntandukake marang sira.”

11. Gad tumuli sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Dawud lan banjur munjuk: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Sira miliha:

12. telung taun pailan utawa telung sasi lawase keplayu saka ing sangareping mungsuhira, tur sira kasusul ing pedhanging mungsuhira, apa ing sajroning telung dina pedhanging Yehuwah, yaiku pageblug, ana ing nagara kene, lan Malaekate Sang Yehuwah nganakake pepati ana ing saindenge tanahe wong Israel kabeh. Milanipun sapunika paduka kawula aturi nggalih, wangsulan punapa ingkang kedah kawula unjukaken dhateng ingkang ngutus kawula.”

maca bab lengkap 1 Babad 21