Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 18:8-17 Kitab Sutji (JAV)

8. Lan saka ing Tibkhat lan saka ing Kun, yaiku kutha-kuthane Sang Prabu Hadadezer, Sang Prabu Dawud mundhuti tembaga akeh banget, iku ing tembe kaagem dening Sang Prabu Suleman yasa “sagaran” tembaga saka-saka lan prabot tembaga.

9. Bareng Sang Prabu Tou, ratu ing Hamat, midhanget, manawa Sang Prabu Dawud wus ngawonake sakehe wadya-balane Sang Prabu Hadadezer, ratu ing Zoba,

10. banjur utusan Pangeran Hadoram, kang putra, sowan ing ngarsane Sang Prabu Dawud, kadhawuhan ngaturake salam lan ngaturake sugeng, dene Sang Prabu Dawud wus unggul ing perang nglawan Sang Prabu Hadadezer, awit Sang Prabu Hadadezer kerep merangi Sang Prabu Tou. Sarta Pangeran Hadoram mau iya ngasta barang mas, salaka lan tembaga warna-warna.

11. Barang-barang iku uga didhewekake dening Sang Prabu Dawud, mung mligi kagem Pangeran Yehuwah, kaya dene salaka lan emas kang diangkati saka ing sakehe bangsa, yaiku saka wong Edom, wong Moab wong bani Amon, wong Filisti lan saka wong Amalek.

12. Sang Abisai, putrane Sang Zeruya, nyirnakake wong Edom wolulas ewu ana ing Lebak Asin,

13. banjur ndekek wadya-bala pendhudhukan ana ing Edom kono, satemah wong Edom kabeh padha dadi kawulane Sang Prabu Dawud. Pangeran Yehuwah paring kaunggulan marang Sang Prabu Dawud menyanga ngendi bae anggone nglurug perang.

14. Kaya mangkono anggone Sang Prabu Dawud ngasta paprentahan ana ing sawewengkone Israel kabeh lan anggone njejegake kaadilan lan kabeneran kanggo wong sabangsa kabeh.

15. Sang Yoab, putrane Sang Zeruya, dadi panggedhening wadya-bala; Sang Yosafat bin Ahilud dadi hartaka,

16. Sang Zadhok bin Ahitub lan Sang Akhimelekh bin Abyatar padha jumeneng imam, Sang Sausa dadi panitra;

17. Sang Benaya bin Yoyadha dadi tetindhihing wong Kreti lan wong Pleti, dene para putrane Sang Prabu Dawud iku pinaringan kalenggahan kang dhuwur dhewe, kang padha mbiyantu Sang Nata.

maca bab lengkap 1 Babad 18