Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 17:9-20 Kitab Sutji (JAV)

9. Ingsun bakal namtokake panggonan kanggo umatingSun Israel, bakal Suntanem, supaya bisa manggon ing papane dhewe lan ora dieget-egeti sarta ditindhes dening para wong ambek-siya kaya dhek biyen,

10. wiwit Ingsun ngangkat para hakim kanggo umatingSun Israel. Ingsun bakal nelukake sakehing mungsuhira. Ingsun uga paring sumurup marang sira: Pangeran Yehuwah bakal mbangun karajan kang turun-tumurun.

11. Samangsa umurira wus ganep lan banjur mangkat menyang ing panggonaning leluhurira, Ingsun bakal njumenengake turunira ing sapungkurira, yaiku salah sawijining anakira, iku karajane bakal Sunsantosakake.

12. Iku kang bakal ngyasakake padalemaningSun sarta Ingsun bakal nyantosakake dhampare kanggo ing salawase-lawase.

13. Ingsun bakal dadi Ramane, lan dheweke bakal dadi putraningSun. Apadene sih-susetyaningSun bakal ora Sunsingkirake saka ing dheweke, ora kaya anggoningSun wus nyingkirake iku saka wong kang wus ndhisiki sira.

14. Sabanjure Ingsun bakal nyantosakake dheweke ana ing padalemaningSun lan ana ing karajaningSun kanggo ing salawas-lawase, sarta dhampare bakal santosa ing salawas-lawase.”

15. Nabi Natan anggone munjuk marang Sang Prabu Dawud ngetrepi pangandika iku sarta iya ngetrepi wahyu iku.

16. Sang Prabu Dawud tumuli lumebet lan banjur ngadhep ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah kalawan munjuk: “Sinten ta kawula punika, dhuh Yehuwah Allah saha sinten brayat kawula punika, dene Paduka ngantos karsa ndadosaken kawula kados makaten punika?

17. Sarta bab punika taksih kirang wonten ing paningal Paduka; dhuh Allah; awit saking punika Paduka sampun ngandika ugi tumrap brayating abdi Paduka punika ing wekdal ingkang taksih dangu saha sampun paring sumerep dhateng kawula bab urut-urutaning tiyang ingkang badhe wonten, dhuh Yehuwah Allah.

18. Punapa malih ingkang saged kawewahaken dening Dawud dhumateng Paduka gegayutan kaliyan anggen Paduka paring kaluhuran dhumateng abdi Paduka punika? Punapa sanes Paduka ingkang nguningani kawontenanipun abdi Paduka punika?

19. Dhuh Yehuwah, margi saking abdi Paduka punika saha manut panggalih Paduka anggen Paduka sampun nindakaken pakaryan ingkang agung punika sadaya kalayan paring sumerep bab sakathahing prakawis ingkang ageng punika.

20. Dhuh Yehuwah, boten wonten ingkang nyameni Paduka, saha boten wonten Gusti Allah sanesipun kajawi Paduka, manut sadaya ingkang sami kawula pirengaken.

maca bab lengkap 1 Babad 17