Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 16:7-16 Kitab Sutji (JAV)

7. Sawuse mangkono ing dina iku uga, Sang Prabu Dawud paring dhawuh kang kapisanan marang Asaf lan para sadulure sakulawangsa, supaya padha ngrepekna kidung pamuji sokur kagem Pangeran Yehuwah:

8. Padha saosa pamuji sokur marang Pangeran Yehuwah, padha nyebuta asmane,pakaryane padha suwurna ana ing antarane para bangsa!

9. Padha ngrepekna kekidungan kagem Panjenengane,padha ngidungna masmur kagem Panjenengane,padha rembugana bab sakehing pakaryane kang elok!

10. Digedhe atimu ana ing asmane kang suci,cikben abungah-bungah wong kang padha ngupaya Pangeran Yehuwah!

11. Padha ngupayaa Pangeran Yehuwah lan kasantosane,padha tansah ngupayaa wedanane!

12. Padha elinga marang pakaryan-pakaryan elok kang ditindakake,pratandha-pratandhane kang elok lan putusan-putusan kang kapangandikakake,

13. he putra-wayahe Rama Israel, abdine,he putra-putrane Rama Yakub, para pilihane!

14. Panjenengane iku Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita,pangadilane iku nyrambahi ing salumahing bumi.

15. Panjenengane enget marang prajanjiane ing salawas-lawase,marang pangandika kang kadhawuhake marang sewu turunan,

16. marang prajanjian kang didamel karo Rama Abraham,lan supaose marang Rama Iskak,

maca bab lengkap 1 Babad 16