Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 16:31-41 Kitab Sutji (JAV)

31. Langit kareben abungah-bungah lan bumi asurak-surak,wong kareben muwus ana ing antarane para bangsa: “Pangeran Yehuwah iku Ratu!”

32. Kareben gumuruh sagara saisine,kareben abungah-bungah ara-ara lan kabeh kang ana ing kono,

33. wit-witan ing alas banjur padha asurak-surakana ing ngarsaning Sang Yehuwah,sabab Panjenengane rawuh arsa ngadili bumi.

34. Padha ngunjukna pamuji sokur marang Pangeran Yehuwah,awit Panjenengane iku sae!Sih-susetyane iku nyata langgeng ing salawase.

35. Sarta padha munjuka: “Kawula mugi sami Paduka luwari, dhuh Yehuwah Allah, juru-Wilujeng kawula sadaya,saha karsaa ngempalaken kawula sadayapunapa dene karsaa nguwalaken saking ing antawisipun para bangsa,supados kawula lajeng sami ngunjukaken panuwun dhumateng asma Paduka ingkang suci,saha supados ageng manah kawula ing salebeting panggunggung-nggugung dhumateng Paduka.”

36. Pinujia Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel,wiwit saka ing kalanggengan tumeka ing kalanggengan.Wong saumat kabeh banjur padha ngucap: “Amin! Padha ngluhurna Pangeran Yehuwah!”

37. Sang Prabu Dawud banjur nilar Asaf lan para sadulure sakulawangsa ana ing kono, yaiku ana ing ngarepe pethi prajanjianing Pangeran Yehuwah, supaya tetep leladi ana ing ngarepe pethi iku ing bab apa kang pantes katindakake saben dina;

38. uga Obed-Edom lan para sadulure tunggal kulawangsa, kang cacahe sawidak wolu; Obed-Edom bin Yedutun lan Hosa iku kang padha njaga gapura.

39. Nanging Imam Zadhok lan para sadulure tunggal kulawangsa, para imam, iku katilar ana ing ngarepe Tarube Suci Pangeran Yehuwah ana ing tengger pangurbanan ing Gibeon,

40. supaya esuk lan sore ajeg ngunjukake kurban obaran marang Pangeran Yehuwah ana ing misbyah kurban obaran lan supaya nindakake sakehe kang katulis ana ing angger-angger Pangeran Yehuwah, kang kadhawuhake marang wong Israel.

41. Anadene kang dadi kanthine iku Heman lan Yedutun tuwin saluwihe wong-wong kang padha panilih kang kasebut jenenge supaya padha ngidungake: “Puji sokur kagem Pangeran Yehuwah, awitdene sih-susetyane iku langgeng ing salawase.”

maca bab lengkap 1 Babad 16