Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 16:11-29 Kitab Sutji (JAV)

11. Padha ngupayaa Pangeran Yehuwah lan kasantosane,padha tansah ngupayaa wedanane!

12. Padha elinga marang pakaryan-pakaryan elok kang ditindakake,pratandha-pratandhane kang elok lan putusan-putusan kang kapangandikakake,

13. he putra-wayahe Rama Israel, abdine,he putra-putrane Rama Yakub, para pilihane!

14. Panjenengane iku Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita,pangadilane iku nyrambahi ing salumahing bumi.

15. Panjenengane enget marang prajanjiane ing salawas-lawase,marang pangandika kang kadhawuhake marang sewu turunan,

16. marang prajanjian kang didamel karo Rama Abraham,lan supaose marang Rama Iskak,

17. kang didamel kagem Rama Yakub dadi katetepan,kagem Rama Israel dadi prajanjian kang langgeng,

18. pangandikane: “Tanah Kanaan bakal Sunparingake marang sira,minangka tanah-pusaka kang katemtokake kanggo sira!”

19. Nalika cacahe durung sapiraa,mung sathithik ana ing kana dadi wong neneka,

20. sarta nglembara saka ing panggonane bangsa kang siji menyang ing panggonane bangsa sijine,lan saka ing karajan kang siji menyang ing nagarane suku bangsa sijine,

21. Panjenengane ora marengake sapa bae nganiaya marang wong-wong mau;para raja padha diukum marga saka dheweke kabeh:

22. “Aja padha nggepok marang para jebadaningSun,lan aja nandukake piala marang para nabiningSun!”

23. Ngrepekna kekidungan kagem Pangeran Yehuwah, he salumahing bumi,martakna karahayon peparinge ing sadina-dina.

24. Nyaritakna kamulyane ana ing antarane para bangsalan pakaryane kang elok ana ing antarane sakehing suku bangsa.

25. Amarga Pangeran Yehuwah iku agung lan banget pinuji-puji,lan luwih nggegirisi tinimbang sakehing allah.

26. Awit sakehe allahe para bangsa iku brahala,nanging Pangeran Yehuwah kang karya langit.

27. Kaluhuran lan kamulyan ana ing ngarsane,kasantosan lan kabingahan ana ing padalemane.

28. Marang Pangeran Yehuwah, he para suku bangsa,mung marang Pangeran Yehuwah bae anggonmu padha nyaosake kamulyan lan kasantosan.

29. Padha nyaosna kamulyaning asmane marang Pangeran Yehuwah,nggawaa pisungsung lan lumebua sowan marang ing ngarsane.Padha sujuda lan nyembaha marang Pangeran Yehuwah kalawan ngrasuk kasucen.

maca bab lengkap 1 Babad 16