Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 16:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Pethining Allah banjur kagawa mlebu, kaprenahake ing satengahing tarub, kang wus kacawisake dening Sang Prabu Dawud; sawuse mangkono banjur padha nyaosake kurban obaran lan kurban kaslametan ana ing ngarsaning Allah.

2. Bareng Sang Prabu Dawud wus rampung anggone saos kurban obaran lan kurban kaslametan, banjur mberkahi bangsa iku demi asmaning Sang Yehuwah.

3. Nuli saben wong Israel, lanang utawa wadon, diparingi roti siji, daging sairis lan kuwih kismis saemplek.

4. Sang Prabu Dawud uga ngangkat wong Lewi sawatara kadadekake tukang leladi ana ing ngarepe pethining Sang Yehuwah, supaya nyuwurake Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel lan ngrepekake kidung panuwun sarta pepujian kegem Panjenengane.

5. Kang dadi tetindhihe yaiku Asaf, dene kang dadi wong kang kapindho Zakharya; banjur Yeiel, Semiramot, Yehiel, Matica, Eliab, Benaya, Obed-Edom lan Yeiel kang kawajiban ngunekake slukat lan clempung, dene Asaf kawajiban ngunekake kecer,

6. dene Imam Benaya lan Imam Yahaziel kawajiban tansah ngunekake kalasangka ana ing ngarepe pethi prajanjiane Allah mau.

maca bab lengkap 1 Babad 16