Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 13:3-14 Kitab Sutji (JAV)

3. Sarta maneh ayo padha ngelih pethine Gusti Allah kita mrene, amarga dhek jamane Sang Prabu Saul aku ora padha mikir bab iku.”

4. Ing kono kabeh kang masamuwan padha munjuk, manawa bakal padha nindakake bab iku, awit usul iku kaangep becik dening wong sabangsa kabeh.

5. Sang Prabu Dawud banjur nimbali sakehe wong Israel wiwit kang ana ing kali Sikhor ing tanah Mesir nganti tekan kang ana ing sacedhake dalan menyang ing kutha Hamat, padha kadhawuhan mboyong pethining Allah saka ing Kiryat-Yearim.

6. Sang Prabu Dawud banjur tindak menyang ing Baala, ing Kiryat-Yearim, kang klebu wilayah Yehuda, kadherekake dening wong Israel kabeh, arsa mboyong pethining Allah saka ing kana, kang disebut nganggo asmane Pangeran Yehuwah kang adhedhampar ing sandhuwure kerubim.

7. Pethine Gusti Allah katitihake ing kreta kang anyar saka ing omahe Abinadab, dene kang nglakokake kreta mau Uza lan Ahyo.

8. Sang Prabu Dawud lan wong Israel kabeh padha beksa ana ing ngarsaning Allah kanthi ngetog kakiyatan, kairing ing kekidungan, clempung, slukat trebang, kecer lan kalasangka.

9. Bareng tekan ing panutone Kidon, Uza tumuli mulung tangane nyekel pethi mau, amarga sapi-sapine padha kejrungup.

10. Ing kono Pangeran Yehuwah banjur duka banget marang Uza, Uza dipateni, marga tangane gumrageh marang pethi mau; dheweke mati ana ing ngarsaning Allah.

11. Sang Prabu Dawud ngungun, dene Pangeran Yehuwah nggebag Uza kanthi patrap kang nggegirisi iku; mulane panggonan kono banjur kaaranan Peres-Uza nganti saprene.

12. Nalika iku Sang Prabu Dawud nuli dadi ajrih marang Gusti Allah, banjur ngandika: “Kapriye anggoningsun bisa mboyong pethining Allah iku menyang ing padununganingsun.”

13. Marga saka iku Sang Prabu Dawud ora karsa mindhah pethi mau menyang ing papan padalemane, ing kuthane Sang Prabu Dawud, nanging Sang Prabu Dawud tumuli menggok, pethi kabekta menyang ing omahe Obed-Edom, wong Gat.

14. Pethining Allah mau anggone dumunung ana ing satengahe brayate Obed-Edom suwene telung sasi lan Pangeran Yehuwah mberkahi brayate Obed-Edom sarta sakehe barang darbeke.

maca bab lengkap 1 Babad 13