Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 12:16-33 Kitab Sutji (JAV)

16. Bani Benyamin lan bani Yehuda ana saperangan kang sowan ing ngarsane Sang Dawud ana ing beteng mau,

17. Sang Dawud tumuli miyos methukake para wong mau. Pangandikane marang wong-wong mau mangkene: “Manawa anggonmu padha marani aku iki kanthi sedya kang becik, arep mbiyantu aku, aku bakal saeka-praya kalawan kowe kabeh, nanging manawa sedyamu arep padha ngulungake aku marang satruku kalawan paekan, mangka aku ora tumindak daksiya, muga Gusti Allahe leluhur kita nguningani bab iku lan maringana paukuman marang kowe kabeh.”

18. Ing kono Sang Roh banjur menuhi Sang Amasai, tetindhihe wong telung puluh mau, temah unjuke:Kawula punika sami kagem paduka, dhuh Sang Dawud,saha sami ndherek paduka, dhuh putranipun Sang Isai!Tentrem-rahayu, tentrem-rahayu wontena ing padukasaha tentrem rahayu wontena ing pambantu paduka,sabab ingkang mitulungi paduka punika Gusti Allah paduka!Wong-wong mau banjur padha didadekake tetindhihing wadya-bala dening Sang Prabu Dawud.

19. Saka panunggalane Manasye uga ana kang padha mbalik mbiyantu Sang Prabu Dawud, nalika panjenengane bebarengan karo wong Filisti merangi Sang Prabu Saul. Lugune panjenengane iku ora sida mitulungi wong Filisti, sabab para ratu ing kutha-kuthane wong Filisti iku sawuse mutus, banjur ngesahake panjenengane, awit rembage mangkene: “Saged ugi mangke mbalik dhateng Saul, gustinipun, kalayan ngulungaken sirah kita.”

20. Nalika tindak menyang ing Ziklag suku Manasye ana saperangan kang mbalik marang ing panjenengane, yaiku: Sang Adnah, Yozabad, Yediael, Mikhael, Yozabad, Elihu lan Sang Siletai, para tetindhihe wadya-bala sewu saka suku Manasye.

21. Iku padha mbiyantu Sang Dawud nglawan grombolan, amarga kabehe padha prawira lan gagah prakosa sarta dadi tetindhihing wadya-bala.

22. Ing saben dina ndalidir tekane wong kang padha sowan ing ngarsane Sang Dawud sumedya mbiyantu panjenengane, satemah banjur dadi wadya-bala gedhe, kaya wadya-balaning Allah.

23. Iki cacahe wadya-bala kang sikep gegamaning perang kang padha sowan ing ngarsane Sang Prabu Dawud ana ing Hebron, prelu ngunjukake kalenggahan ing ratu Sang Prabu Saul marang Sang Prabu Dawud, cocog karo pangandikane Pangeran Yehuwah.

24. Bani Yehuda kang sikep tameng lan tumbak nem ewu wolung atus, kang siyaga ing perang.

25. Saka bani Simeon para prawira kang gagah prakosa sembada ing perang ana pitung ewu satus.

26. Saka bani Lewi ana patang ewu nem atus,

27. kawuwuhan Sang Yoyadha, pemimpining gotrah Harun lan bebarengan karo panjenengane ana telung ewu pitung atus,

28. sabanjure Sang Zadhok, sawijining prawira enom kang gagah prakosa, kalawan pemimpin ing kulawangsa rolikur.

29. Saka bani Benyamin, para sadhereke Sang Prabu Saul tunggal suku, ana telung ewu, nganti tumeka dhek samana wong-wong mau isih akeh kang tetep sumuyud marang kulawangsane Sang Prabu Saul.

30. Saka bani Efraim rong puluh ewu wolung atus, para prawira kang gagah prakosa wong kang kondhang ana ing antarane para kulawangsane.

31. Saka separone suku Manasye ana wolulas ewu kang katuding kalawan kasebutake jenenge, supaya mangkat lan njumenengake Sang Prabu Dawud dadi ratu.

32. Saka bani Isakhar para wong kang duwe kawruh bab wektu-wektu kang trep, satemah padha nyumurupi apa kang prayoga katindakake dening wong Israel: rong atus, padha dadi kepala karo sakehe sadulure tunggal suku kang dadi reh-rehane.

33. Saka Zebulon wong kang padha sembada ing perang kang bisa ngempakake gegaman warna-warna: seket ewu kang sumanggem nyaosi pambiyantu ora kalawan mangro tingal.

maca bab lengkap 1 Babad 12