Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yudas 1:15-25 Kitab Sutji (JAV)

15. karsa nindakake pangadilan tumrap wong kabeh, sarta matrapi paukuman marang sakehing pratingkah mblasar kang padha dilakoni, sarta jalaran saka sakehing tembung kang nistha, kan diucapake dening para wong dosa kang mblasar iku marang Pangeran.”

16. Iku wong kang padha grundelan lan ora nrima ing pepesthen, urip nuruti hawa-nepsu, nanging cangkeme padha ngucapake tembung-tembung kang ngayawara, ngonggrong wong, supaya oleh kauntungan.

17. Nanging kowe iku, para kekasih, padha elinga marang pangandika kang dhek biyen wis kawedharake marang kowe kabeh dening para rasule Gusti Yesus Kristus.

18. Jalaran kowe wis padha dipangandikani: “Besuk ngarepake jaman wekasan bakal ana juru pamoyok, kang lakune padha nguja hawa-nepsune kang mblasar.”

19. Wong iku kang padha njalari cecongkrahan, kang mung dikuwasani dening pepenginan-pepenginan ing donya iki, lan uripe ora kadunungan Roh Suci.

20. Nanging kowe para kekasih, padha mbanguna awakmu dhewe, kadhasarana pracayamu kang suci pinunjul, sarta ndedongaa ana ing patunggilane Sang Roh Suci.

21. Padha rumeksaa marang awakmu dhewe mangkono, ana ing sajroning sihe Gusti Allah, kalawan nganti-anti marang sih-rahmate Gusti kita Yesus Kristus, tmuju ing urip langgeng.

22. Welasana wong-wong kang isih mangu-mangu.

23. Wong iku padha entasna srana karebut saka ing geni. Nanging ketokna welas-asihmu kakanthenan wedi, uga marang wong liya, sarta padha sengita marang sandhangane wong-wong kang kajemberake dening pepenginan-pepenginaning daging.

24. Panjenengane kang kuwasa ngreksa marang kowe kabeh, supaya padha ora kesandhung sarta mrenahake kowe kalawan tanpa cacad ana ing ngarsaning kamulyane kanthi sukarena.

25. Gusti Allah kang sawiji, Pamarta kita, marga dening Gusti Yesus Kristus Gusti kita, iku kang sayogya kagungan kamulyan, kaluhuran, kasantosan sarta panguwaos, sadurunge dumadine jaman lan saiki sarta nganti salawase. Amin.

maca bab lengkap Yudas 1