Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 9:30-39 Kitab Sutji (JAV)

30. Wong mau tumuli mangsuli: “Lah, punika rak aneh, dene panjenengan malah boten sami mirsa pinangkanipun, mangka Panjenenganipun sampun ngelekaken mripat kula.

31. Kula sami sumerep, bilih Gusti Allah punika mesthi boten nyembadani dhateng tiyang dosa, nanging tiyang-tiyang mursid sarta ingkang nglampahi karsanipun, punika ingkang dipun sembadani.

32. Salaminipun dereng nate kapireng bilih wonten tiyang ingkang saged ngelekaken mripatipun tiyang wuta lair mila.

33. Tiyang punika manawi boten saking Allah, mesthi boten saged nindakaken punapa-punapa.”

34. Wangsulane wong-wong iku: “Kowe iku kalairake sajrone dosa babar pisan, kok arep mulang aku?” Temahan wong iku katundhung.

35. Gusti Yesus mireng manawa wong kang maune wuta mau wus katundhung. BAreng Panjenengane kepranggul wong mau banjur dipangandikani: “Apa kowe pracaya marang Putraning Manungsa?”

36. Unjuke: “Sinten punika Gusti, supados kawula pitados dhateng Panjenenganipun?”

37. Pangandikane Gusti Yesus: “Kowe ora mung wus weruh Panjenengane bae, nanging Panjenengane kang lagi sapocapan karo kowe, yaiku Panjenengane.”

38. Kang kapangandikanan munjuk: “Kawula pitados, Gusti.” Dheweke banjur sumungkem sujud marang Gusti Yesus.

39. Pangandikane Gusti Yesus: “TekaKu ing jagad iki arep ngadili, supaya wong kang ora ndeleng padha bisa ndeleng, lan kang ndeleng padha dadia wuta.”

maca bab lengkap Yokanan 9