Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 9:16-28 Kitab Sutji (JAV)

16. Sawenehing para wong Farisi mau tumuli ngandika: “Wong kae ora saka ing Allah, awit ora netepi dina Sabat.” Liyane ana kang padha ngandika: “Wong kang nandhang dosa kapriye bisane gawe mukjijat kang kaya mangkono iku?” Temahan padha diyadiniya.

17. Para wong Farisi banjur padha ngandika maneh marang wong kang maune wuta iku: “Panganggepmu marang wong iku kapriye, rehne kowe kang dielekake mripatmu?” Ature kang didangu: “Panjenenganipun punika nabi.”

18. Anadene wong-wong Yahudi iku padha ora ngandel yen dheweke maune wuta lan lagi bae bisa ndeleng maneh, nganti padha nimbali wong tuwane,

19. sarta didangu: “Apa iki anakmu kang kokkandhakake yen wuta wiwit lair mula iku? Yen mangkono kapriye dene kok saiki bisa ndeleng?”

20. Wangsulane wong tuwane mau: “Kula sami sumerep bilih punika anak kula, saha wuta wiwit lair mila,

21. nanging kadospundi dene sapunika saged ningali, kula sami boten sumerep. Utawi sinten ingkang ngelekaken mripatipun, kula inggih sami boten sumerep. Anak kula sampun diwasa, panjenengan dangu piyambak, piyambakipun saged ngaturaken prakawis badanipun piyambak.”

22. Ature wong tuwane kang kaya mangkono iku awit padha wedi marang wong Yahudi, marga wong Yahudi wus padha sarujuk, samasa ana wong kang ngakoni Panjenengane iku Sang Kristus, bakal disebratake.

23. Mulane wong tuwane mau padha matur: “Anak kula sampun diwasa, panjenengan dangu piyambak.”

24. Wong kang maune wuta iku banjur diundang kang kaping pindhone, sarta diaturi: “Kowe ngurmatana Allah; aku padha sumurup manawa kae wong dosa.”

25. Wangsulane wong mau: “Tiyang punika punapa tiyang dosa, kula boten sumerep, namung saprakawis ingkang kula mangretosi, inggih punika suwaunipun kula wuta, sapunika saged ningali.”

26. Pitakone maneh: “Kowe dikapakake? Anggone ngelekake mripatmu kapriye patrape?”

27. Wangsulane wong mau: “Kula sampun matur dhateng panjenengan lan panjenengan boten midhangetaken. Punapaa dene panjenengan badhe midhangetaken malih? Punapa panjenengan inggih kapengin dados muridipun?”

28. Wong mau tumuli dipisuhi, pangucape: “Kowe iku muride, nanging aku kabeh iki murid-muride Nabi Musa.

maca bab lengkap Yokanan 9