Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 9:10-19 Kitab Sutji (JAV)

10. Tumuli ditakoni: “Kapriye mripatmu bisane melek?”

11. Wangsulane: “Tiyang nama Yesus damel luluhan siti, lajeng dipun leletaken ing mripat kula; kula tumunten dipun dhawuhi: Lungaa menyang padusan ing Siloam, adusa! Kula lajeng mangkat, lan sasampunipun adus tumunten saged ningali punika.”

12. Wong-wong mau takon maneh: “Ana ing ngendi Dheweke?” Wangsulane kang ditakoni: “Kula boten sumerep.”

13. Wong kang maune wuta mau banjur diirid menyang ngarsane para wong Farisi.

14. Anadene anggone Gusti Yesus damel luluhan lemah lan ngelekake mripate wong wuta mau pinuju dina Sabat.

15. Para wong Farisi tumuli iya ndangu marang wong mau, kapriye bisane melek. Ature kang kadangu: “Mripat kula dipun leleti luluhan siti, kula lajeng adus, samangke kula saged ningali.”

16. Sawenehing para wong Farisi mau tumuli ngandika: “Wong kae ora saka ing Allah, awit ora netepi dina Sabat.” Liyane ana kang padha ngandika: “Wong kang nandhang dosa kapriye bisane gawe mukjijat kang kaya mangkono iku?” Temahan padha diyadiniya.

17. Para wong Farisi banjur padha ngandika maneh marang wong kang maune wuta iku: “Panganggepmu marang wong iku kapriye, rehne kowe kang dielekake mripatmu?” Ature kang didangu: “Panjenenganipun punika nabi.”

18. Anadene wong-wong Yahudi iku padha ora ngandel yen dheweke maune wuta lan lagi bae bisa ndeleng maneh, nganti padha nimbali wong tuwane,

19. sarta didangu: “Apa iki anakmu kang kokkandhakake yen wuta wiwit lair mula iku? Yen mangkono kapriye dene kok saiki bisa ndeleng?”

maca bab lengkap Yokanan 9