Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 9:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Nalika Gusti Yesus langkung, mirsa wong kang wuta wiwit lair mula.

2. Para sakabate banjur munjuk pitakon marang Panjenengane: “Rabbi, sinten ingkang damel dosa, tiyang punika piyambak punapa tiyang sepuhipun, dene ngantos lairipun wuta makaten?”

3. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Dudu wong iki, lan iya dudu wong tuwane, nanging iku supaya pakaryan-pakaryane Gusti Allah kalairna ana ing wong iku.

4. Aku kudu padha nglakoni ayahane Panjenengane kang ngutus Aku mumpung isih awan. Wayah bengi bakal teka, wayahe wong ora bisa nglakoni pagawean.

5. Sasuwene Aku ana ing donya, Aku dadi pepadhanging jagad.”

6. Sawuse ngandika mangkono, tumuli kecoh ing lemah. Kecoh mau digawe luluhan lemah banjur dileletake ing mripate wong kang wuta mau.

7. Banjur dipangandikani: “Lungaa, adusa menyang ing blumbang padusan ing Siloam.” Siloam tegese “Kang diutus”. Wonge tumuli mangkat lan adus; baline wus bisa ndeleng.

8. Tangga-tanggane lan wong-wong kang maune weruh anggone papriman banjur padha ngucap: “Apa wong iku dudu kang adate papriman?”

9. Ana kang mangsuli: “Bener iya iku wonge.” Ana maneh kang calathu: “Dudu, mung madha rupa bae.” Wonge dhewe banjur calathu: “Leres, inggih kula punika tiyangipun.”

10. Tumuli ditakoni: “Kapriye mripatmu bisane melek?”

11. Wangsulane: “Tiyang nama Yesus damel luluhan siti, lajeng dipun leletaken ing mripat kula; kula tumunten dipun dhawuhi: Lungaa menyang padusan ing Siloam, adusa! Kula lajeng mangkat, lan sasampunipun adus tumunten saged ningali punika.”

maca bab lengkap Yokanan 9