Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 8:39-50 Kitab Sutji (JAV)

39. Wong Yahudi padha mangsuli unjuke: “Bapa kula inggih Rama Abraham.” Pangandikane Gusti Yesus: “Manawa kowe padha dadi putrane Rama Abraham kowe mesthi padha nglakoni apa kang katindakake dening Rama Abraham.

40. Nanging kang koktindakake yaiku ngarah mateni Aku, wong kang wus nglairake kayekten marang kowe, iya iku kang wus Dakrungu saka Gusti Allah; panggawe kang kaya mangkono iku ora katindakake dening Rama Abraham.

41. Kowe kabeh padha nglakoni paggawene bapakmu dhewe.” Unjuke wong-wong mau: “Lair kula punika boten saking bedhang, kula sami gadhah Rama satunggal inggih punika Gusti Allah.”

42. Pangandikane Gusti Yesus: “Manawa Gusti Allah iku Ramamu, kowe mesthi padha tresna marang Aku, awit wijilKu lan tekaKu iku saka ing Allah. Apa maneh tekaKu iku iya ora saka karepKu dhewe, nanging Panjenengane kang ngutus Aku.

43. Sabab apa kowe padha ora mangreti tembungKu? Iku awit kowe padha ora bisa nyandhak pituturKu.

44. Bapakmu iku Iblis, lan kowe padha seneng nglakoni kasenengane bapakmu iku. Dheweke dadi tukang mateni wong wiwit wiwitan mula, sarta ora ngandhemi ing kayekten, awit kayekten iku ora dumunung ing dheweke. Samasa dheweke ngucapake goroh, pangucape iku saka wateke dhewe, amarga dheweke iku tukang goroh lan bapakne sakabehing goroh.

45. Nanging sarehne Aku iki mituturake kayekten, mulane ora kokandel.

46. Sapa panunggalanmu kang mbuktekake manawa Aku tumindak dosa? Manawa Aku mituturake kayekten, sabab apa kowe padha ora pracaya marang Aku?

47. Wong kang wijile saka Allah iku mesthi ngrungokake pangandikaning Allah. Mulane kowe ora padha ngrungokake, awit asalmu iku ora saka ing Allah.”

48. Wong Yahudi padha mangsuli: “Rak ya bener, ta, kandhaku yen kowe iku wong Samaria kang kapanjingan dhemit?”

49. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Aku ora kapanjingan dhemit, nanging Aku ngluhurake RamaKu sarta kowe ora padha ngajeni Aku.

50. Nanging Aku ora ngudi marang kaluhuranKu: Ana siji kang ngupaya lan Panjenengane iku uga kang ngadili.

maca bab lengkap Yokanan 8