Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 8:27-38 Kitab Sutji (JAV)

27. Wong-wong kang kadhawuhan iku ora nggraita manawa kang kadhawuhake iku Sang Rama.

28. Kang iku Gusti Yesus ngandika: “besuk samasa kowe wus nyengkakake Putraning Manungsa, tumuli kowe lagi bakal padha sumurup yen Aku iki Panjenengane, sarta ora nglakoni apa-apa saka karepKu dhewe, nanging apa kang Dakwarahake iku miturut kaya anggonKu wus diwulang dening RamaKu.

29. Kang ngutus Aku iku nunggil karo Aku. Sang Rama ora nilar Aku ijen, awit Aku tansah nglakoni kang dadi keparenge.”

30. Bareng Gusti Yesus ngandika bab iku mau kabeh, akeh wong kang padha pracaya marang Panjenengane.

31. Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong Yahudi kang padha pracaya, dhawuhe: “Manawa kowe padha ngantepi ing pituturKu, kowe sanyata padha dadi siswaKu,

32. sarta bakal padha mangreti ing kayekten, lan kayekten iku bakal mardikakake kowe.”

33. Wong-wong tumuli padha mangsuli: “Kula sami tedhak-turunipun Rama Abraham, lan dereng nate ngawula dhateng sok tiyanga; kadospundi kok Panjenengan ngandika: Kowe bakal padha mardika?”

34. Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sing sapa nglakoni dosa iku dadi bature dosa.

35. Anadene mungguh batur iku ora tetep pamanggone ana ing omah, nanging Putra iku tetep pamanggone.

36. Kang iku manawa Sang Putra wus mardikakake kowe, kowe iya padha mardika temenan.”

37. “Aku wus weruh manawa kowe iku padha tedhak-turune Rama Abraham, nanging kowe padha ngarah mateni Aku, awit pituturKu ora oleh papan ana ing kowe.

38. Apa kang wus Dakdeleng ana ing RamaKu, iya iku kang Dakucapake. Mangkono uga kowe, padha nglakoni apa kang kokrungu saka bapakmu.”

maca bab lengkap Yokanan 8