Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 8:21-35 Kitab Sutji (JAV)

21. Gusti Yesus tumuli ngandika maneh marang wong akeh: “Aku iki bakal lunga, lan kowe bakal padha nggoleki Aku, nanging bakal padha mati sajroning dosamu. Ing ngendi paranKu, kowe ora padha bisa mrana.”

22. Pangucape wong-wong Yahudi: “Apa Dheweke iku arep ngendhat, dene kok duwe pangucap: Ing ngendi paranKu, kowe padha ora bisa mrana?”

23. Pangandikane Gusti Yesus: “Kowe iku pinangkamu saka ing ngisor, Aku iki saka ing ngaluhur, kowe iku pinangkamu padha saka ing donya iki, nanging Aku ora saka ing donya iki.

24. Mulane Aku mau tutur ing kowe, manawa kowe bakal padha mati sajroning dosamu. Amarga manawa kowe padha ora ngandel yen Aku iki Panjenengane, wus mesthi kowe bakal padha mati ing sajroning dosamu.”

25. Ing kono pangucape wong-wong mau: “Panjenengan punika sinten?” Pangandikane Gusti Yesus: “Apa gunane rembugan maneh karo kowe kabeh?

26. Akeh prakara kang prelu Daktuturake mungguh ing kowe lan akeh uga kang kudu Dakukumake tumrap kowe kabeh; nanging kang ngutus Aku bener, apa kang Dakrungu saka Panjenengane, yaiku kang Dakwarahake marang jagad.”

27. Wong-wong kang kadhawuhan iku ora nggraita manawa kang kadhawuhake iku Sang Rama.

28. Kang iku Gusti Yesus ngandika: “besuk samasa kowe wus nyengkakake Putraning Manungsa, tumuli kowe lagi bakal padha sumurup yen Aku iki Panjenengane, sarta ora nglakoni apa-apa saka karepKu dhewe, nanging apa kang Dakwarahake iku miturut kaya anggonKu wus diwulang dening RamaKu.

29. Kang ngutus Aku iku nunggil karo Aku. Sang Rama ora nilar Aku ijen, awit Aku tansah nglakoni kang dadi keparenge.”

30. Bareng Gusti Yesus ngandika bab iku mau kabeh, akeh wong kang padha pracaya marang Panjenengane.

31. Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong Yahudi kang padha pracaya, dhawuhe: “Manawa kowe padha ngantepi ing pituturKu, kowe sanyata padha dadi siswaKu,

32. sarta bakal padha mangreti ing kayekten, lan kayekten iku bakal mardikakake kowe.”

33. Wong-wong tumuli padha mangsuli: “Kula sami tedhak-turunipun Rama Abraham, lan dereng nate ngawula dhateng sok tiyanga; kadospundi kok Panjenengan ngandika: Kowe bakal padha mardika?”

34. Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sing sapa nglakoni dosa iku dadi bature dosa.

35. Anadene mungguh batur iku ora tetep pamanggone ana ing omah, nanging Putra iku tetep pamanggone.

maca bab lengkap Yokanan 8