Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 8:11-13 Kitab Sutji (JAV)

11. Unjuke wong wadon mau: “Boten wonten, Gusti.” Pangandikane Gusti Yesus: “Aku uga ora ngukum kowe. Lungaa, lan wiwit saiki aja gawe dosa maneh!”

12. Gusti Yesus paring dhawuh maneh marang wong akeh: “Aku iki pepadhanging jagad; sing sapa ngetut-buri Aku, ora bakal lumaku ana ing pepeteng, nanging bakal nduweni padhanging urip.”

13. Unjuke para wong Farisi: “Panjenengan nekseni sarira Panjenengan piyambak, paseksen Panjenengan boten sah.”

maca bab lengkap Yokanan 8