Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 8:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. nanging Gusti Yesus tindak menyang ing gunung Zaitun.

2. Bareng wayah bangun esuk Panjenengane rawuh maneh ing Padaleman Suci, lan rakyat kabeh padha sowan ing ngarsane, Panjenengane banjur lenggah mulang wong-wong iku.

3. Para ulama lan para wong Farisi tumuli padha ngajokake wong wadon kang kacekel nalika laku bandrek marang ngarsane.

4. Wong-wong iku sawuse mapanake wong wadon mau ing tengah, banjur padha munjuk marang Gusti Yesus: “Rabbi, tiyang estri punika kacepeng nalika saweg lampah bandrek.

5. Wonten ing angger-anggering Toret Nabi Musa ndhawuhaken dhateng kita, supados tiyang-tiyang estri ingkang makaten punika dipun benturana ing sela. Ingkang punika menggah pamanggih Panjenengan kadospundi?”

6. Unjuke kang mangkono iku mung kanggo nyoba marang Panjenengane, supaya oleha jalaran anggone arep nggugat. Nanging Gusti Yesus tumungkul banjur nyerat ing lemah kalawan racikane.

7. Bareng olehe padha takon para wong Farisi iku ora uwis-uwis, Panjenengane tumuli jumeneng sarta ngandika: “Sapa bae panunggalanmu kang tanpa dosa, iku miwitana mbenturi watu wong wadon iku.”

8. Panjenengane banjur tumungkul maneh sarta nyerat ing lemah.

9. Ananging sawuse kang padha munjuk mau krungu pangandika kang kaya mangkono, tumuli padha lunga baka siji, wiwit saka kang tuwa dhewe. Wekasan mung kari Gusti Yesus piyambak karo wong wadon kang isih tetep ana ing kono iku.

maca bab lengkap Yokanan 8