Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 6:57-71 Kitab Sutji (JAV)

57. Padha kaya Sang Rama kang gesang ngutus Aku lan Aku urip dening Sang Rama, mangkono uga sing sapa mangan Aku iku iya bakal urip dening Aku.

58. Iki roti kang wus tumurun saka ing swarga. Dudu roti kaya kang dipangan dening para leluhurmu, lan banjur wus padha mati. Sing sapa mangan roti iki bakal urip ing salawas-lawase.”

59. Anggone mangandikakake iku mau nalika Gusti Yesus mulang ana ing papan pangibadah ing Kapernaum.

60. Para siswa bareng krungu kang mangkono mau akeh kang padha ngucap mangkene: “Tetembungan iki keras temenan, kang betah ngrungokake bae sapa?”

61. Gusti Yesus mirsa sajroning panggalih manawa siswane padha ngedumel ing bab iku mau, banjur mangandikani: “Apa kowe padha kacenthok ing pituturKu iku mau?

62. Kang iku kapriye saupama kowe padha weruh Putrane Manungsa sumengka menyang padunungane kang dhisik?

63. Roh iku kang nguripake, daging iku ora ana paedahe. Tembung kang Daktuturake marang kowe iku roh lan urip.

64. Nanging ana panunggalanmu kang ora pracaya.” Pancen Gusti Yesus ora kekilapan wiwit-wiwitan mula, sapa wonge kang padha ora pracaya, lan kang bakal masrahake Panjenengane.

65. Panjenengane banjur ngandika: “Mulane kowe wus padha Dakwarah mangkene: Ora ana wong kang bisa marani Aku kajaba manawa wus kaparingan wewenang saka Sang Rama.”

66. Wiwit nalika iku para siswane akeh kang padha mundur, wus ora ndherekake tindake maneh.

67. Kang iku Gusti Yesus ngandika marang sakabat rolas: “Apa kowe ora padha arep lunga uga?”

68. Atur wangsulane Simon Petrus: “Gusti, ingkang kawula purugi sinten? Pangandika Paduka punika pangandikaning gesang langgeng.

69. Saha kawula sampun sami pitados tuwin sumerep, bilih Paduka punika Sang Suci kagunganing Allah.”

70. Pangandikane Gusti Yesus: “Rak Aku dhewe kang milih kowe wong rolas iki, nanging salah siji ing panunggalanmu iku Iblis.”

71. Anadene kang dipangandikakake mangkono iku Yudas anake Simon Iskariot, marga iku panunggalane sakabat rolas, kang bakal ngulungake Gusti Yesus.

maca bab lengkap Yokanan 6