Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 5:36-44 Kitab Sutji (JAV)

36. Nanging Aku iki nduweni paseksen kang ngungkuli paseksene Nabi Yokanan, iya iku sakabehing ayahan kang kaparingake Sang Rama marang Aku, supaya Daktindakake. Ayahan mau iya kang Daktindakake saiki, kang adi paseksene anggonKu kautus dening Sang Rama.

37. Karodene Sang rama kang ngutus Aku iku wus nekseni piyambak ing ngatase Aku. Kowe ora tau krungu swatane utawa nyumurupi citrane,

38. apadene pangandikane ora tetep dumunung ing kowe, awit kowe padha ora ngandel marang kang diutus.

39. Kowe padha niti priksa Kitab-kitab Suci, awit pandugamu marga saka Panjenengane kowe nduweni urip langgeng. Nanging sanadyan Kitab-kitab Suci iku nekseni ing bab Aku,

40. suprandene kowe padha lumuh marani Aku supaya nduwenana urip iku.

41. Aku ora kepengin diurmati dening manungsa.

42. Nanging tumrap kowe, Aku wus weruh, manawa padha ora kadunungan katresnan sajroning atimu marang Gusti Allah.

43. TekaKu iki atas asmane RamaKu, nanging ora koktampani. Manawa ana wong liya kang teka atas jenenge dhewe iku bakal koktampani.

44. Kowe iku anggonmu pada bisa pracaya kapriye, dene padha purih-pinurih ing kaurmatan, mangka kaurmatan kang saka Gusti Allah Kang Maha-Tunggal iku ora kokgayuh.

maca bab lengkap Yokanan 5