Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 5:29-40 Kitab Sutji (JAV)

29. banjur metu, kang kalakuane becik tangi lan urip ing salawase, kang kalakuane ala tangi lan banjur kaukum.

30. Aku ora bisa nindakake apa-apa saka awakKu dhewe, anggonKu ngadili iku laras karo apa kang Dakrungu, sarta putusanKu adil. Amarga ora nuruti karepKu dhewe, nanging manut karsane kang ngutus Aku.

31. Manawa Aku nekseni mungguh ing awakKu dhewe, paseksenKu mau ora bener.

32. Ana liyane kang nekseni mungguh ing Aku, lan Aku weruh yen paseksen kang dilairake mungguh ing Aku iku bener.

33. Kowe wus padha kongkonan marang Nabi Yokanan, lan iku wus nekseni ing bab kayekten.

34. Nanging Aku iki ora mbutuhake paseksen saka manungsa. AnggonKu tutur mangkono iku supaya kowe padha kapitulungan rahayu.

35. Nabi Yokanan iku minangka damar kang murub lan kang madhangi, nanging kowe iku mung sawatara mangsa bae anggonmu gelem nikmati padhange.

36. Nanging Aku iki nduweni paseksen kang ngungkuli paseksene Nabi Yokanan, iya iku sakabehing ayahan kang kaparingake Sang Rama marang Aku, supaya Daktindakake. Ayahan mau iya kang Daktindakake saiki, kang adi paseksene anggonKu kautus dening Sang Rama.

37. Karodene Sang rama kang ngutus Aku iku wus nekseni piyambak ing ngatase Aku. Kowe ora tau krungu swatane utawa nyumurupi citrane,

38. apadene pangandikane ora tetep dumunung ing kowe, awit kowe padha ora ngandel marang kang diutus.

39. Kowe padha niti priksa Kitab-kitab Suci, awit pandugamu marga saka Panjenengane kowe nduweni urip langgeng. Nanging sanadyan Kitab-kitab Suci iku nekseni ing bab Aku,

40. suprandene kowe padha lumuh marani Aku supaya nduwenana urip iku.

maca bab lengkap Yokanan 5