Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 5:18-32 Kitab Sutji (JAV)

18. Kang iku wong Yahudi mundhak nemen maneh pangarahe nyedani Gusti Yesus iku, awit ora ngemungake nerak Sabat bae, nanging uga marga mastani yen Gusti Allah iku Kang Rama piyambak, dadi sarirane dipadhakake Gusti Allah.

19. Ing kono Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Satemen-temene pituturKu ing kowe: Sang Putra ora bisa nindakake apa-apa saka awake dhewe, manawa Panjenengane ora weruh kang katindakake dening Sang Rama. Sabab apa kang katindakake dening Sang Rama, iku uga katindakake dening Sang Putra.

20. Sabab Sang Rama ngasihi Sang Putra sarta Panjenengane nedahake sabarang kang ditindakake piyambak marang Sang Putra iku. Malah Panjenengane iya bakal nedahake marang Kang Putra pandamel kang luwih agung maneh katimbang karo iku, supaya kowe padha gumuna.

21. Awit padha kaya Sang Rama anggone nangekake lan nguripake wong kang padha mati, mangkono uga Sang Putra iya nguripake sok wonga kang dikarsakake.

22. Dene Sang Rama ora ngadili sapa bae, nanging pangandilan iku wus dipasrahake marang Sang Putra,

23. supaya kabeh wong padha ngurmatana marang Sang Putra kayadene anggone ngurmati marang Sang Rama. Sing sapa ora ngurmati marang Sang Putra, iku uga ora ngurmati marang Sang Rama kang ngutus Panjenengane.

24. Satemen-temene pituturKu ing kowe: Wong kang ngrungokake ing pituturKu, sarta pracaya marang kang ngutus Aku, iku nduweni urip langgeng, tuwin bakal ora bakal katut kaukum, jalaran wus ngalih saka ing pati marang urip.

25. Satemen-temene pituturKu ing kowe, bakal tumeka ing wektune, malah wus tumeka ing wektune, wong mati padha krungu swarane Putraning Allah. Sarta kang padha ngrungokake iku bakal urip.

26. Sabab padha kaya Sang Rama anggone kagungan gesang ing sarirane piyambak, mangkono uga Sang Putra iya wus kaparengake kagungan gesang piyambak.

27. Sarta maneh wus kaparingan panguwasa ngasta pangadilan, amarga Panjenengane iku Putraning Manungsa.

28. Kowe aja padha gumun marang prakara iku mau. Sabab bakal tumeka ing wektune: Sakehe wong kang ana ing kubur padha krungu swarane,

29. banjur metu, kang kalakuane becik tangi lan urip ing salawase, kang kalakuane ala tangi lan banjur kaukum.

30. Aku ora bisa nindakake apa-apa saka awakKu dhewe, anggonKu ngadili iku laras karo apa kang Dakrungu, sarta putusanKu adil. Amarga ora nuruti karepKu dhewe, nanging manut karsane kang ngutus Aku.

31. Manawa Aku nekseni mungguh ing awakKu dhewe, paseksenKu mau ora bener.

32. Ana liyane kang nekseni mungguh ing Aku, lan Aku weruh yen paseksen kang dilairake mungguh ing Aku iku bener.

maca bab lengkap Yokanan 5