Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 5:11-21 Kitab Sutji (JAV)

11. Nanging wangsulane wong mau: “tiyang ingkang nyarasaken kula punika ingkang dhawuh dhateng kula: Paturonmu angkaten, lumakua!”

12. Wong-wong Yahudi banjur padha takon: “Sapa wonge kang akon kowe: Paturonmu angkaten, lumakua?”

13. Nanging wong kang lagi bae waras ora weruh, iku sapa, amarga Gusti Yesus wus nylimpet ana ing tengahe wong akeh kang ana ing kono.

14. Sawuse mangkono Gusti Yesus mrangguli wong mau ana ing Padaleman Suci, banjur dipangandikani: “Kowe wus waras, aja gawe dosa maneh, supaya kowe aja nganti kataman kang luwih banget.”

15. Wonge tumuli lunga aweh weruh marang wong-wong Yahudi manawa kang marasake dheweke iku Gusti Yesus.

16. Lan marga saka iku, wong-wong Yahudi padha ngudi arep nganiaya marang Gusti Yesus, amarga nindakake kang kaya mangkono ing dina Sabat.

17. Nanging Gusti Yesus ngandika: “RamaKu nindakake pakaryan nganti saprene, mulane Aku iya uga nglakoni pagaweanKu.”

18. Kang iku wong Yahudi mundhak nemen maneh pangarahe nyedani Gusti Yesus iku, awit ora ngemungake nerak Sabat bae, nanging uga marga mastani yen Gusti Allah iku Kang Rama piyambak, dadi sarirane dipadhakake Gusti Allah.

19. Ing kono Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Satemen-temene pituturKu ing kowe: Sang Putra ora bisa nindakake apa-apa saka awake dhewe, manawa Panjenengane ora weruh kang katindakake dening Sang Rama. Sabab apa kang katindakake dening Sang Rama, iku uga katindakake dening Sang Putra.

20. Sabab Sang Rama ngasihi Sang Putra sarta Panjenengane nedahake sabarang kang ditindakake piyambak marang Sang Putra iku. Malah Panjenengane iya bakal nedahake marang Kang Putra pandamel kang luwih agung maneh katimbang karo iku, supaya kowe padha gumuna.

21. Awit padha kaya Sang Rama anggone nangekake lan nguripake wong kang padha mati, mangkono uga Sang Putra iya nguripake sok wonga kang dikarsakake.

maca bab lengkap Yokanan 5