Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 5:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawuse mangkono, kabener ana riyaya wong Yahudi, Gusti Yesus nuli tindak menyang ing Yerusalem.

2. Ing Yerusalem, ing sacedhak Seketheng Wedhus, ana blumbang kang ing tembung Ibrani diarani: Betesdha, kang ana bangsale lima.

3. Ing bangsal-bangsal kono akeh banget wong lara pating glethak, wong wuta, wong lara pating glethak, wong wuta, wong lumpuh, wong pincang, padha ngenteni kocaking banyu.

4. Awit ing samasa-masa ana malaekating Pangeran tumedhak ing blumbag kono ngocakake banyune, sarta manawa banyu mau kocak, sing sapa nyegur dhisik dhewe, dadi waras, sanadyan apa bae lelarane.

5. Kocapa ing kono ana wong kang nandhang lara wus telung puluh wolu taun lawase.

6. Bareng Gusti Yesus mirsa wong mau ngglethak ana ing kono, sarta ngudaneni manawa wus lawas anggone mangkono mau, wong mau tumuli dipangandikani: “Kowe apa kapengin waras?”

7. Atur wangsulane sing lara: “Dhuh, Gusti, boten wonten tiyang ingkang nyemplungaken kawula dhateng ing blumbang samasa toyanipun wiwit kocak. Dene manawi kawula saweg murugi, lajeng wonten tiyang sanes ingkang ambyur ngrumiyini kawula.”

8. Pangandikane Gusti Yesus: “Tangia, paturonmu angkaten, lan lumakua!”

9. Sanalika wong mau dadi waras, nuli ngangkat paturone lan banjur mlaku.Nanging nalika iku pinuju dina Sabat.

10. Amarga saka iku wong-wong Yahudi padha ngaruh-aruhi wong kang lagi bae waras mau, pangucape: “Iki dina Sabat, kowe ora kena ngangkat paturonmu!”

11. Nanging wangsulane wong mau: “tiyang ingkang nyarasaken kula punika ingkang dhawuh dhateng kula: Paturonmu angkaten, lumakua!”

12. Wong-wong Yahudi banjur padha takon: “Sapa wonge kang akon kowe: Paturonmu angkaten, lumakua?”

maca bab lengkap Yokanan 5