Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 4:33-45 Kitab Sutji (JAV)

33. Kang iku para sakabat padha sapocapan: “Apa kira-kira ana wong kang nyaosi dhahar?”

34. Pangandikane Gusti Yesus: “Kang dadi panganKu iya anggonKu nglakoni karsane kang ngutus Aku, sarta ngrampungake ayahane.

35. Rak ana ujarmu kang mangkene: Kurang patang sasi nuli panen. Nanging pituturKu ing kowe: Padha delengen ing kiwa tengenmu lan tamatna pategalan-pategalan, kang katon kuning iku wus kena dieneni.

36. Saiki kang derep wus tampa bawon, sarta nglumpukake woh kang tumuju marang ing urip langgeng, satemah kang nyebar lan kang derep loro-lorone padha bungah.

37. Awit tumrap iki bener bebasan kang muni mangkene: Kang siji nyebar, sijine kang ngeneni.

38. Kowe padha Dakutus ngeneni kang dudu garapanmu. Wong liya kang padha nggarap, lan kowe kang padha ngundhuhi pametuning garapane.”

39. Kacarita akeh wong Samaria ing kutha kono kang padha pracaya marang Panjenengane awit saka paseksene wong wadon mau: “Panjenengane wus mbedhek sakabehing lelakonku.”

40. Wong-wong Samaria mau bareng wus sowan ing ngarsane Gusti Yesus, padha duwe atur panyuwun, muga karsaa lereb ana ing omahe. Panjenengane iya banjur lereb ana ing kono rong dina,

41. sarta mundhak akeh maneh kang padha manjing pracaya awit saka pangandikane,

42. lan padha tutur marang wong wadon mau: “Anggonku padha pracaya wus ora marga saka ujarmu iku. Amarga aku dhewe wus padha ngrungokake Panjenengane, lan aku wus padha sumurup yen sanyatane Panjenengane iku Pamartaning jagad.”

43. Sawuse rong dina iku Gusti Yesus tedhak saka ing kono menyang ing tanah Galilea,

44. sabab Gusti Yesus wus nekseni piyambak yen kang jeneng nabi iku ora kajen ana ing nagarane dhewe.

45. Sarawuhe ing tanah Galilea, banjur ditampeni dening wong-wong ing kono, marga iku wus padha ndeleng sakehing pandamele ana ing Yerusalem nalika riyaya, amarga wong-wong mau uga melu nekani riyaya iku.

maca bab lengkap Yokanan 4