Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 4:25-33 Kitab Sutji (JAV)

25. Unjuke wong wadon: “Kawula sumerep bilih Sang Mesih badhe rawuh, ingkang ugi kasebat Sang Kristus; punika sarawuhipun badhe nyumerepaken samukawis dhateng kawula sadaya.”

26. Pangandikane Gusti Yesus: “Iya Aku iki Panjenengane kang lagi ngandikan karo kowe iki.”

27. Nalika samana para sakabate teka, sarta padha gumun dene Gusti Yesus imbal pangandika karo wong wadon. Ananging ora ana siji-sijia kang munjuk: “Ingkang Paduka karsakaken punapa?” Utawa: “Tiyang punika Paduka pangandikani punapa?”

28. Wong wadon mau tumuli ninggal june ana ing kono, banjur menyang kutha lan crita marang wong-wong ing kono:

29. Ayo padha ndelenga, ing kana ana wong kang ngandhakake lelakonku kabeh marang aku. Apa kirane iku Sang Kristus?”

30. Wong-wong mau tumuli padha mangkat menyang ing sajabane kutha sowan marang ngarsane Gusti Yesus.

31. Nalika samana para sakabate tumuli matur marang Gusti Yesus, unjuke: “Rabbi, sumangga Paduka dhahar!”

32. Nanging Gusti Yesus ngandika: “Aku duwe pangan kang ora padha koksumurupi.”

33. Kang iku para sakabat padha sapocapan: “Apa kira-kira ana wong kang nyaosi dhahar?”

maca bab lengkap Yokanan 4