Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 4:22-31 Kitab Sutji (JAV)

22. Kowe iku padha sujud marang kang ora padha kokweruhi. Aku iki padha sujud marang kang padha Dakweruhi. Awit mungguh wijiling karahayon iku saka bangsa Yahudi.

23. Nanging bakal tumeka ing wektune, malah saiki wus tumeka ing wektune para wong sujud kang sajati iku anggone padha sujud marang Sang Rama sajroning Roh lan kayekten, awit wong sujud kang kaya mangkono iku kang dikarsakake dening Sang Rama.

24. Gusti Allah iku Roh, mulane kang padha sujud marang Gusti Allah, anggone sujud iku kudu ing sajroning roh lan kayekten.”

25. Unjuke wong wadon: “Kawula sumerep bilih Sang Mesih badhe rawuh, ingkang ugi kasebat Sang Kristus; punika sarawuhipun badhe nyumerepaken samukawis dhateng kawula sadaya.”

26. Pangandikane Gusti Yesus: “Iya Aku iki Panjenengane kang lagi ngandikan karo kowe iki.”

27. Nalika samana para sakabate teka, sarta padha gumun dene Gusti Yesus imbal pangandika karo wong wadon. Ananging ora ana siji-sijia kang munjuk: “Ingkang Paduka karsakaken punapa?” Utawa: “Tiyang punika Paduka pangandikani punapa?”

28. Wong wadon mau tumuli ninggal june ana ing kono, banjur menyang kutha lan crita marang wong-wong ing kono:

29. Ayo padha ndelenga, ing kana ana wong kang ngandhakake lelakonku kabeh marang aku. Apa kirane iku Sang Kristus?”

30. Wong-wong mau tumuli padha mangkat menyang ing sajabane kutha sowan marang ngarsane Gusti Yesus.

31. Nalika samana para sakabate tumuli matur marang Gusti Yesus, unjuke: “Rabbi, sumangga Paduka dhahar!”

maca bab lengkap Yokanan 4