Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 4:12-27 Kitab Sutji (JAV)

12. Panjenengan mesthi boten nglangkungi leluhur kula Yakub ingkang maringaken sumur punika dhateng bangsa kula. Dene panjenenganipun ugi ngunjuk saking sumur punika, samanten ugi para putra lan kewanipun.”

13. Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Sapa wong kang ngombe banyu iki bakal ngelak maneh,

14. nanging sing sapa ngombe banyu pawewehKu, bakal ora ngelak ing salawas-lawase. Malah banyu pawewehKu mau ana ing jerone wong iku bakal dadi sumber, kang mancur terus tumeka ing urip, langgeng.”

15. Unjuke wong wadon mau: “Bendara, kula Panjenengan paringi toya punika, supados sampun ngantos ngelak, sarta boten sisah ngangsu mriki malih!”

16. Pangandikane Gusti Yesus: “Lungaa, undangen bojomu, tumuli balia mrene!”

17. Unjuke wong wadon: “Kula boten gadhah semah.” Pangandikane Gusti Yesus: “Bener kandhamu, yen kowe ora duwe bojo iku.

18. Sabab anggonmu bebojoan wus ambal kaping lima, mangka kang saiki iku dudu bojomu. Pancen bener ujarmu kang mangkono iku.”

19. Unjuke wong wadon: “Gusti, sapunika tumrap kawula sampun cetha, bilih Paduka punika nabi.

20. Para leluhur kawula anggenipun sujud wonten ing redi punika, mangka bangsa Paduka criyos bilih panggenanipun tiyang nglampahi sujud punika ing Yerusalem.”

21. Pangandikane Gusti Yeusu: “He, wong wadon, ngandela marang Aku, bakal tumeka ing wektune anggonmu padha sujud marang Gusti Allah ora ana ing gunung iki, lan iya ora ana ing kutha Yerusalem.

22. Kowe iku padha sujud marang kang ora padha kokweruhi. Aku iki padha sujud marang kang padha Dakweruhi. Awit mungguh wijiling karahayon iku saka bangsa Yahudi.

23. Nanging bakal tumeka ing wektune, malah saiki wus tumeka ing wektune para wong sujud kang sajati iku anggone padha sujud marang Sang Rama sajroning Roh lan kayekten, awit wong sujud kang kaya mangkono iku kang dikarsakake dening Sang Rama.

24. Gusti Allah iku Roh, mulane kang padha sujud marang Gusti Allah, anggone sujud iku kudu ing sajroning roh lan kayekten.”

25. Unjuke wong wadon: “Kawula sumerep bilih Sang Mesih badhe rawuh, ingkang ugi kasebat Sang Kristus; punika sarawuhipun badhe nyumerepaken samukawis dhateng kawula sadaya.”

26. Pangandikane Gusti Yesus: “Iya Aku iki Panjenengane kang lagi ngandikan karo kowe iki.”

27. Nalika samana para sakabate teka, sarta padha gumun dene Gusti Yesus imbal pangandika karo wong wadon. Ananging ora ana siji-sijia kang munjuk: “Ingkang Paduka karsakaken punapa?” Utawa: “Tiyang punika Paduka pangandikani punapa?”

maca bab lengkap Yokanan 4