Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 4:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Bareng Gusti mirsa yen wong Farisi wus padha krungu pawarta yen kang manjing dadi siswa sarta dibaptis dening Gusti Yesus iku kehe ngluwihi sakabate Nabi Yokanan,

2. -- sanadyan dudu Gusti Yesus piyambak kang mbaptis, nanging mung para sakabate --

3. Panjenengane tumuli nilar tanah Yudea, tindak wangsul menyang ing tanah Galilea.

4. Anadene tindake mau kudu miyos ing tanah Samaria.

5. Banjur rawuh ing sawijining kutha ing tanah Samaria kang aran Sikhar, cedhak karo palemahan kang biyen diparingake dening Rama Yakub marang kang putra Yusuf.

6. Ing kono ana sumure Rama Yakub. Gusti Yesus sarehne kraos sayah saka anggone tindak, banjur lenggah ana pinggiring sumur kono. Nalika samana kira-kira wayah jam rolas.

7. Tumuli ana wong wadon Samaria teka arep ngangsu. Gusti Yesus ngandika marang wong mau: “Aku wenehana ngombe!”

maca bab lengkap Yokanan 4