Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 3:24-36 Kitab Sutji (JAV)

24. awit nalika samana Nabi Yokanan durung kalebokake ing pakunjaran.

25. Nalika samana tuwuh bebantahane para sakabate Yokanan karo wong Yahudi bab sesuci.

26. Sakabat mau tumuli padha sowan marang ngarsane Nabi Yokanan lan matur: “Rabbi, tiyang ingkang sesarengan kaliyan panjenengan wonten ing sabrangipun benawi Yarden saha ingkang sampun panjenengan sekseni punika inggih mbaptis sarta kapurugan dening tiyang kathah.”

27. Nabi Yokanan mangsuli; pangandikane: “Wong ora bisa ndhaku apa-apa manawa ora kapringan saka ing swarga.

28. Kowe dhewe padha dadi seksiku anggonku duwe pitutur: Aku iki dudu Sang Mesih, mung kautus lumaku dadi cecala ana ing ngarsane.

29. Kang nduweni panganten wadon iku panganten lanang, dene mitrane panganten lanang kang ngadeg ing sacedhake lan nilingake, iku bungah banget ngrungokake swarane panganten lanang iku. Iya iku kabungahanku lan kang kaya mangkono iku saiki wus katutugan.

30. Panjenengane iku pinasthi saya mundhak, nanging aku iki saya suda.

31. Kang rawuhe saka ing ngaluhur iku ngungkuli sakabehe, kang pinangkane saka ing bumi iku iya saka ing bumi, lan calathune iya nganggo basa ing bumi. Kang rawuhe saka ing swarga iku ngungkuli sakabehe.

32. Sarta apa kang wus ditingali lan dipiyarsakake iya iku kang disekseni; ewadene ora ana wong siji-sijia kang nampani ing paseksene.

33. Sapa kang nampani ing paseksene iku, ngakoni yen Gusti Allah iku sanyata.

34. Sabab kang kautus dening Gusti Allah iku kang ndhawuhake pangandikane Gusti Allah, amarga Gusti Allah anggone maringake Rohe tanpa wates.

35. Sang Rama ngasihi marang Sang Putra, sarta wus masrahake samubarang kabeh marang Panjenengane.

36. Sing sapa pracaya marang Sang Putra, iya nduweni urip langgeng, nanging sing sapa ora mituhu marang Sang Putra, iku bakal ora weruh ing urip, nanging malah langgeng anggone kataman ing bebenduning Allah.”

maca bab lengkap Yokanan 3