Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 3:17-30 Kitab Sutji (JAV)

17. Sabab Gusti anggone ngutus Kang Putra ngrawuhi jagad iku ora supaya ngadili marang jagad, nanging supaya mitulungi rahayu marang jagad.

18. Sing sapa pracaya marang Panjenengane, iku ora bakal diukum, balik sing sapa ora pracaya, iku wus kapatrapan, amarga ora pracaya marang asmane Putraning Allah kang ontang-anting.

19. Anadene mungguh paukuman mau mangkene: Sang Padhang iku wus rawuh ing jagad, nanging manungsa padha luwih rumaket marang pepeteng, tinimbnang karo pepadhang, amarga panggawe-panggawene ala.

20. Sabab sing sapa nindakake piala mesthi sengit lan nyingkur marang pepadhang supaya aja kongsi katon panggawene kang ala iku.

21. Balik sapa kang tumindak bener iku marani pepadhang, supaya tetelaa yen panggawene iku mau linakonan ana ing patunggilaning Allah.”

22. Sawuse mangkono Gusti Yesus tindak menyang ing tlatahe tanah Yudea kadherekake para sakabate, banjur kendel ana ing kono karo para sakabate sarta mbaptis.

23. Dene Nabi Yokanan anggone mbaptis ana ing Ainon, sacedhake Salim, awit ing kono akeh banyune, wong-wong nuli padha mrono sarta dibaptisi,

24. awit nalika samana Nabi Yokanan durung kalebokake ing pakunjaran.

25. Nalika samana tuwuh bebantahane para sakabate Yokanan karo wong Yahudi bab sesuci.

26. Sakabat mau tumuli padha sowan marang ngarsane Nabi Yokanan lan matur: “Rabbi, tiyang ingkang sesarengan kaliyan panjenengan wonten ing sabrangipun benawi Yarden saha ingkang sampun panjenengan sekseni punika inggih mbaptis sarta kapurugan dening tiyang kathah.”

27. Nabi Yokanan mangsuli; pangandikane: “Wong ora bisa ndhaku apa-apa manawa ora kapringan saka ing swarga.

28. Kowe dhewe padha dadi seksiku anggonku duwe pitutur: Aku iki dudu Sang Mesih, mung kautus lumaku dadi cecala ana ing ngarsane.

29. Kang nduweni panganten wadon iku panganten lanang, dene mitrane panganten lanang kang ngadeg ing sacedhake lan nilingake, iku bungah banget ngrungokake swarane panganten lanang iku. Iya iku kabungahanku lan kang kaya mangkono iku saiki wus katutugan.

30. Panjenengane iku pinasthi saya mundhak, nanging aku iki saya suda.

maca bab lengkap Yokanan 3