Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 3:1-16 Kitab Sutji (JAV)

1. Ana wong Farisi jenenge Nikodhemus, panggedhene wong Yahudi,

2. seba marang ngarsane Gusti Yesus ing wayah bengi, sarta munjuk: “Rabbi, kawula sami sumerep bilih rawuh Panjenengan dados guru punika kautus dening Gusti Allah, amargi boten wonten tiyang ingkang saged nindakaken pratandha kados ingkang Panjenengan tindakaken punika manawi boten tinunggil dening Allah.”

3. Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Satemen-temene pututurKu ing kowe: Wong manawa ora kalairake maneh mesthi ora bisa weruh Kratoning Allah.”

4. Unjuke Nikodhemus: “Tiyang sampun sepuh makaten anggenipun saged lair kadospundi? Punapa saged lumebet malih dhateng guwa-garbaning biyungipun, lajeng kalairaken malih?”

5. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Satemen-temene pituturKu ing kowe: Wong manawa ora kalairake saka banyu lan Roh, mesthi ora bisa lumebu marang Kratoning Allah.

6. Apa kang lair saka ing daging iku daging lan kang lair saka ing Roh, iku roh.

7. Aja gumun, dene Aku pitutur ing kowe: Kowe kudu padha kalairake maneh.

8. Menyang ngendi midide angin iku miturut ing sakarepe, lan kowe krungu sumiyute, nanging ora sumurup pinangkane lan parane. Kaya mangkono iku kaanane saben wong kang kalairake saka ing Roh!”

9. Nikodhemus munjuk: “Prakawis punika sagedipun kalampahan kadospundi?”

10. Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Kowe iku rak dadi gurune wong Israel, dene kok ora ngreti prakara iku?

11. Satemen-temene pituturKu ing kowe: Kang padha Dakrembug iku, iya kang padha Daksumurupi sarta kang padha Daksekseni iya kang padha Daktingali, ewadene kowe ora padha nampani ing paseksenKu kabeh.

12. Manawa kowe nalika Daktuturi bab kadonyan padha ora ngandel, kapriye bisamu padha ngandel saupama Daktuturana bab kaswargan?

13. Ora ana wong siji-sijia kang sumengka menyang ing swarga, kajaba mung Panjenengane kang wus tumurun saka ing swarga, iya iku Putrane Manungsa.

14. Kayadene Nabi Musa anggone manjer rerekan ula ana ing ara-ara-samun, iya mangkono uga Putrane Manungsa anggone pinesthi kapanjer,

15. supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane oleh urip langgeng.

16. Awitdene Gusti Allah anggone ngasihi marang jagad iku nganti masrahake Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane aja nganti nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng.

maca bab lengkap Yokanan 3