Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 21:18-24 Kitab Sutji (JAV)

18. Satemen-temene pituturKu ing kowe: Nalika kowe isih enom, kowe sabukan dhewe lan kowe lumaku menyang ngendi bae kang kokkarepake, nanging besuk manawa kowe wus tuwa, kowe bakal mulung tanganmu lan wong liya kang bakal nyabuki, banjur nggawa kowe menyang panggonan kang ora kokkarepake.”

19. Bab iku dipangandikakake kanggo mrasemoni kapriye patrape Petrus anggone bakal mati kanggo ngluhurake Gusti Allah. Sawuse ngandika mangkono mau tumuli dhawuh marang Petrus: “Melua Aku!”

20. Bareng Petrus noleh, weruh sakabat kang dikasihi dening Gusti Yesus ndherek, iya iku sakabat kang nalika bujana lungguh cedhak Gusti Yesus sarta munjuk: “Gusti, sinten tiyangipun ingkang badhe ngulungaken Paduka?”

21. Nalika Petrus weruh sakabat iku mau, tumuli munjuk marang Gusti Yesus: “Gusti, dene punika badhenipun kadospundi?”

22. Pangandikane Gusti Yesus: “Saupama Dakkarepake, supaya iku tetep urip nganti satekaKu, iku rak dudu prakaramu. Nanging kowe: Melua Aku!”

23. Banjur sumebar kabar ing antarane para sadulur, yen sakabat iku mau bakal ora mati. Nanging Petrus ora dipangandikani dening Gusti Yesus, yen sakabat mau bakal ora mati, nanging: “Saupama dheweke Dakkarepake supaya tetep urip nganti satekaKu, iku dudu prakaramu.”

24. Iya iku sakabat, kang nekseni lan wus nulisi bab iki kabeh lan aku kabeh padha sumurup, yen paseksene iku nyata.

maca bab lengkap Yokanan 21