Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 20:28-31 Kitab Sutji (JAV)

28. Tomas mangsuli, unjuke: “Dhuh Gusti kawula, Allah kawula!”

29. Pangandikane Gusti Yesus: “Amarga kowe wus ndeleng Aku, temah kowe kumandel. Rahayu wong kang padha ora ndeleng, nanging kumandel.”

30. Dhasar isih ana pratandha liyane akeh maneh kang katindakake dening Gusti Yesus ana ing ngarepe para sakabate, kang ora kasebut ana ing kitab iki,

31. nanging kabeh kang kamot ing kene, iku katulisan supaya kowe padha pracaya, yen Gusti Yesus iku Sang Kristus, Putrane Gusti Allah, sarta supaya srana pracayamu kowe padha nduwenana uip ana ing Asmane.

maca bab lengkap Yokanan 20