Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 20:23-28 Kitab Sutji (JAV)

23. Manawa kowe padha ngapura dosane wong, iku dosane diapura, lan manawa kowe padha netepake dosane, iku dosane ditetepake.”

24. Nanging Tomas, panunggalane sakabat rolas iku, kang karan Dhidhimus, nalika rawuhe Gusti Yesus mau ora nunggal karo kanca-kancane.

25. Banjur dikandhani dening para sakabat liyane iku: “Aku wus padha ndeleng Gusti!” Nanging Tomas calathu: “Manawa aku durung ndeleng tabete paku ana ing astane lan sadurunge aku ndulek tilas paku iku nganggo drijiku tuwin lambunge daklodok nganggo tanganku, aku ora bakal ngandel pisan-pisan.”

26. Bareng tumeka ing wolung dinane para sakabate Gusti Yesus padha ana ing jero omah iku maneh sarta Tomas iya ana. Gusti Yesus tumuli rawuh nalika lawange padha kakancing, banjur jumeneng ana ing tengah-tengahe para sakabat sarta ngandika: “Tentrem-rahayu anaa ing kowe!”

27. Nuli ngandika marang Tomas: “Drijimu prenekna, tanganKu tontonen, sarta tanganmu ulungna, lodokna ing lambungKu lan kowe aja nganti ora ngandel maneh, nanging kumandela!”

28. Tomas mangsuli, unjuke: “Dhuh Gusti kawula, Allah kawula!”

maca bab lengkap Yokanan 20