Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 20:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing dina kapisan ing Minggu iku esuk umun-umun, nalika isih peteng, Maryam Magdalena menyang pasarean lan dheweke weruh manawa watu tutupe guwa wus kasingkirake saka ing pasarean.

2. Tumuli lumayu nemoni Simon Petrus lan sakabat liyane kang dikasihi dening Gusti Yesus, padha diwartani: “Gusti dipun pendhet ing tiyang saking pasarean, lan kula boten sumerep wonten ing pundi anggenipun nyarekaken.”

3. Petrus lan sakabat liyane mau banjur padha mangkat menyang pasarean.

4. Sakarone padha mlayu bebarengan, nanging sakabat liyane iku playune luwih rikat tinimbang Simon Petrus, temahan luwih dhisik tekane ing pasarean.

5. Lan bareng nginguk, weruh yen ulese wus sumeleh ing lemah; nanging dheweke ora mlebu.

6. Simon Petrus olehe nututi iya tumuli tekan sarta banjur mlebu ing pasarean, lan weruh ulese sumeleh ing lemah

7. dene lawon riwe kang maune ana ing mastakane Gusti Yesus ora awor karo ulese, nanging sumeleh rada nyele ana ing panggonan liya lan wis gulungan.

maca bab lengkap Yokanan 20