Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 19:6-12 Kitab Sutji (JAV)

6. Nalika para pangarepe imam lan para wong jaga ndeleng marang Gusti Yesus, banjur padha mbengok: “Kasaliba, kasaliba!” Pangandikane Sang Pilatus: “Wis, gawanen lan saliben; awit mungguh ing aku ora ana kaluputane apa-apa.”

7. Wangsulane wong-wong Yahudi: “Kula sami gadhah angger-angger, dene miturut angger-angger wau tiyang punika kedah pejah, amargi ngaken-aken Putanipun Allah.”

8. Sang Pilatus bareng miyarsa atur kang mangkono iku, saya wuwuh ajrihe,

9. banjur lumebet ing gedhong pangadilan maneh sarta ngandika marang Gusti Yesus: “Asal Panjenengan saking pundi?” Nanging Gusti Yesus ora paring wangsulan.

10. Kang iku Sang Pilatus tumuli ngandika: “Punapa Panjenengan boten kersa rembagan kaliyan kula? Punapa Panjenengan boten mirsa, manawi kula punika gadhah panguwaos ngluwari Panjenengane lan ugi kuwaos nyalib Panjenengan?”

11. Wangsulane Gusti Yesus: “Panjenengan mesthi boten kagungan panguwaos punapa-punapa tumrap Kula, manawi panguwaos wau boten kaparingaken dhateng panjenengan saking nginggil. Pramila: tiyang, ingkang ngladosaken Kula dhateng panjenengan, punika dosanipun langkug ageng.”

12. Wiwit nalika iku Sang Pilatus ngangkah ngluwari marang panjenengane, nanging wong-wong Yahudi padha mbengok: “Manawi panjenengan ngluwari tiyang punika ateges panjenengan sanes mitranipun Sang Nata Agung, sinten ingkang ngaken-aken dados ratu, ateges mbalila dhateng Sang Nata Agung.”

maca bab lengkap Yokanan 19