Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 19:4-15 Kitab Sutji (JAV)

4. Sang Pilatus tumuli miyos maneh sarta ngandika marang wong-wong: “Lah tontonen, iku wonge dakwetokake marang ngarepmu, supaya kowe padha sumurup, yen mungguh ing aku ora ana kaluputane.”

5. Gusti Yesus tumuli miyos, ngagem makutha eri lan jubah wungu. Pangandikane sang Pilatus marang wong-wong: “Sawangen manungsa iku!”

6. Nalika para pangarepe imam lan para wong jaga ndeleng marang Gusti Yesus, banjur padha mbengok: “Kasaliba, kasaliba!” Pangandikane Sang Pilatus: “Wis, gawanen lan saliben; awit mungguh ing aku ora ana kaluputane apa-apa.”

7. Wangsulane wong-wong Yahudi: “Kula sami gadhah angger-angger, dene miturut angger-angger wau tiyang punika kedah pejah, amargi ngaken-aken Putanipun Allah.”

8. Sang Pilatus bareng miyarsa atur kang mangkono iku, saya wuwuh ajrihe,

9. banjur lumebet ing gedhong pangadilan maneh sarta ngandika marang Gusti Yesus: “Asal Panjenengan saking pundi?” Nanging Gusti Yesus ora paring wangsulan.

10. Kang iku Sang Pilatus tumuli ngandika: “Punapa Panjenengan boten kersa rembagan kaliyan kula? Punapa Panjenengan boten mirsa, manawi kula punika gadhah panguwaos ngluwari Panjenengane lan ugi kuwaos nyalib Panjenengan?”

11. Wangsulane Gusti Yesus: “Panjenengan mesthi boten kagungan panguwaos punapa-punapa tumrap Kula, manawi panguwaos wau boten kaparingaken dhateng panjenengan saking nginggil. Pramila: tiyang, ingkang ngladosaken Kula dhateng panjenengan, punika dosanipun langkug ageng.”

12. Wiwit nalika iku Sang Pilatus ngangkah ngluwari marang panjenengane, nanging wong-wong Yahudi padha mbengok: “Manawi panjenengan ngluwari tiyang punika ateges panjenengan sanes mitranipun Sang Nata Agung, sinten ingkang ngaken-aken dados ratu, ateges mbalila dhateng Sang Nata Agung.”

13. Bareng Sang Pilatus miyarsa atur kang mangkono iku, tumuli dhawuh ngwedalake Gusti Yesus lan banjur lenggah ana ing kursi pangadilan, ing panggonan kang aran Litostrotos, ing basa Ibrani: Gabata.

14. Ing nalika iku pinuju dina pacawisan Paskah, kira-kira jam rolas. Sang Pilatus banjur ngandika marang wong-wong Yahudi: “Sawangen ratumu!”

15. Nanging wong-wong mau padha bengok-bengok: “Kasirnakna! Kasirnakna! Kasaliba!” Pangandikane Sang Pilatus: “Apa aku kudu nyalib ratumu?” Wangsulane para pangarepe imam: “Kula sami boten gadhah ratu kajawi namung Sang Nata Agung.”

maca bab lengkap Yokanan 19