Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 19:31-42 Kitab Sutji (JAV)

31. Sarehne pinuju dina pacawisan lan supaya ing dina Sabat layon-layon aja kabanjur ana ing kayu salib -- sabab dina Sabat iku dina Sabat kang pinunjul -- mulane wong-wong Yahudi padha teka sarta duwe panyuwun marang Sang Pilatus supaya wong-wong kang ana ing kayu salib padha karemukana sikile, lan layone kaudhunna.

32. Mulane para prajurit banjur padha mara sarta ngremuki sikile wong kang siji lan kang sijine kang disalib bareng karo Gusti Yesus;

33. nanging bareng nekani marang Gusti Yesus sarta padha weruh manawa wus seda, Gusti Yesus ora diremuk sampeyane,

34. ewasamono salah sijining prajurit panunggalane iku njojoh lambunge Gusti Yesus kalawan tumbak, temah sanalika metu getihe lan banyune.

35. Anadene wong kang ndeleng dhewe bab iku, iku kang nekseni, lan paseksene iku nyata, sarta wong iku sumurup, yen pratelane iku nyata, supaya kowe uga padha pracaya.

36. Sabab kalakone iku mau supaya kayektenana kang tinulis ing Kitab Suci: “Ora ana balunge kang diremuk.”

37. Lan ana tulisan maneh kang mratelakake: “Wong-wong bakal padha nyawang marang Panjenengane, kang wus dijojoh.”

38. Sawuse mangkono Yusuf saka ing kutha Arimatea -- iku dadi siswane Gusti Yesus nanging kanthi sidheman marga wedi karo wong Yahudi -- duwe atur panyuwun marang Sang Pilatus, supaya dililanana ngukup layone Gusti Yesus. Lan Sang Pilatus uga nglilani. Yusuf tumuli sowan sarta ngukup layone.

39. Apadene Nikodhemus uga teka ing kono. Iya iku kang sakawit sowan ing ngarsane Gusti Yesus ing wayah bengi. Nikodhemus nggawa caruban lenga mur lan lenga garu, bobote watara seket kati.

40. Wong-wong mau ngukup layone Gusti Yesus lan diulesi ing lawon nganggo adon-adon kaya adate wong Yahudi yen metak layon.

41. Sacedhake papan panggonane Gusti Yesus kasalib iku ana patamanane lan ing patamanan mau ana pakuburan anyar kang durung tau dianggo ngubur wong.

42. Sarehne pinuju dina pacawisane wong Yahudi, sarta kuburane iku cedhak, mula Gusti Yesus banjur disarekake ana ing kono.

maca bab lengkap Yokanan 19