Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 19:18-38 Kitab Sutji (JAV)

18. Ana ing kono tumuli kasalib bareng karo wong loro liyane, dumunung ing kiwa lan tengene, Gusti Yesus ana ing tengah.

19. Sang Pilatus uga dhawuh masang tulisan ana ing sadhuwure salib, unine: “Yesus Nasarani, Ratune wong Yahudi.”

20. Akeh wong Yahudi kang maca tulisan mau, amarga papan panyalibe Gusti Yesus iku cedhak kutha, lan tulisan mau nganggo basa Ibrani, Latin lan Yunani.

21. Para pangarepe imam bangsa Yahudi banjur padha matur marang Sang Pilatus: “Panjenengan sampun nyerat: Ratune wong Yahudi, nanging bilih pangakenipun: Aku iki ratune wong Yahudi.”

22. Wangsulane Sang Pilatus: “Apa kang wus daktulis, tetep katulis.”

23. Sawuse para prajurit mau padha nyalib Gusti Yesus, banjur padha njupuk pangagemane dipara papat, saben prajurit nyaduman lan ageme jubah uga kajupuk. Jubah iku ora nganggo dondoman, tenunane lajuran wiwit saka ing dhuwur tutug ing ngisor.

24. Kang iku prajurit mau padha rembugan: “Iku aja dibage-bage dadi suwekan, ayo padha digebug ing dhadhu kanggo nemtokake sapa kang bakal nduweni.” Iku supaya kayektenana kang katulisan ing Kitab Suci:Sandhangan Kawula sami dipun dumdum, saha jubah Kawula dipun gebag ing dhadhu.”Kang mangkono iku wus katindakake dening para prajurit iku.

25. Anadene kang ibu lan sadulure kang ibu, Maryam, bojone Klopas tuwin Maryam Magdalena padha ngadeg cedhak salibe Gusti Yesus.

26. Bareng Gusti Yesus mirsani kang ibu lan sakabat kang dikasihi ngadeg sandhinge, banjur ngandika marang kang ibu: “Ibu, punika ingkang putra!”

27. Nuli ngandika marang sakabate mau: “Lah iku ibumu!” Lan wiwit nalika iku sakabat mau banjur mboyong ibu Maryam menyang omahe.

28. Sawuse mangkono, ing sarehne Gusti Yesus mirsa, yen samubarang kabeh wus rampung, banjur ngandika -- supaya kayektenana kang katulisan ing Kitab Suci --: “Aku ngelak!”

29. Ing kono ana wadhah kang kebak isi anggur kecut. Tumuli ana wong kang nyelupake jamur karang ing anggur kecut mau, nuli kacublesake ing pang hisop, banjur dicecepake marang tutuke Gusti Yesus.

30. Sawise nyecep anggur kecut mau, Gusti Yesus tumuli ngandika: “Wus rampung!” Banjur ndhingklukake mastaka lan masrahake nyawane.

31. Sarehne pinuju dina pacawisan lan supaya ing dina Sabat layon-layon aja kabanjur ana ing kayu salib -- sabab dina Sabat iku dina Sabat kang pinunjul -- mulane wong-wong Yahudi padha teka sarta duwe panyuwun marang Sang Pilatus supaya wong-wong kang ana ing kayu salib padha karemukana sikile, lan layone kaudhunna.

32. Mulane para prajurit banjur padha mara sarta ngremuki sikile wong kang siji lan kang sijine kang disalib bareng karo Gusti Yesus;

33. nanging bareng nekani marang Gusti Yesus sarta padha weruh manawa wus seda, Gusti Yesus ora diremuk sampeyane,

34. ewasamono salah sijining prajurit panunggalane iku njojoh lambunge Gusti Yesus kalawan tumbak, temah sanalika metu getihe lan banyune.

35. Anadene wong kang ndeleng dhewe bab iku, iku kang nekseni, lan paseksene iku nyata, sarta wong iku sumurup, yen pratelane iku nyata, supaya kowe uga padha pracaya.

36. Sabab kalakone iku mau supaya kayektenana kang tinulis ing Kitab Suci: “Ora ana balunge kang diremuk.”

37. Lan ana tulisan maneh kang mratelakake: “Wong-wong bakal padha nyawang marang Panjenengane, kang wus dijojoh.”

38. Sawuse mangkono Yusuf saka ing kutha Arimatea -- iku dadi siswane Gusti Yesus nanging kanthi sidheman marga wedi karo wong Yahudi -- duwe atur panyuwun marang Sang Pilatus, supaya dililanana ngukup layone Gusti Yesus. Lan Sang Pilatus uga nglilani. Yusuf tumuli sowan sarta ngukup layone.

maca bab lengkap Yokanan 19