Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 18:29-40 Kitab Sutji (JAV)

29. Mula Sang Pilatus kang miyos, sarta ngandika: “Panggugatmu marang Wong iku bab prakara apa?”

30. Wong-wong mau padha mangsuli ature: “Manawi Tiyang punika sanes durjana mesthi boten kula ladosaken dhateng Panjenengane!”

31. Dhawuhe Sang Pilatus: “Wis gawanen, patrapana miturut angger-anggering Toretmu.” Ature wong-wong Yahudi: “Kula boten sami kawenangaken matrapi paukuman pejah dhateng tiyang.”

32. Kang mangkono iku supaya kayektenana pangandikane Gusti Yesus, kang dipangandikakake kagem mratelakake kapriye patrap bakal sedane.

33. Sang Pilatus banjur lumebet maneh ing gedhong pangadilan, nuli nimbali Gusti Yesus sarta ngandika: “Punapa Panjenengan ratunipun tiyang Yahudi?”

34. Wangsulane Gusti Yesus: “Pangandika panjenengan makaten punika punapa saking panggalih panjenengan piyambak, punapa wonten tiyang sanes ingkang munjuk makaten dhateng panjenengan bab ing ngatasipun Kula?”

35. Wangsulane Sang Pilatus: “Punapa kula punika tiyang Yahudi? Bangsa Panjenengan piyambak lan para pangajenging imam ingkang ngladosaken Panjenengan dhateng kula; Panjenengan tumindak punapa?”

36. Gusti Yesus mangsuli: “Kraton Kula boten saking donya punika; manawi kraton Kula saking donya punika, mesthi tiyang-tiyang Kula sami lumawan ing perang, supados Kula sampun ngantos kaulungaken dhateng tiyang Yahudi. Nanging kraton Kula boten saking ngriki.”

37. Sang Pilatus banjur ngandika: “Dados punapa Panjenengan punika inggih ratu?” Wangsulane Gusti Yesus: “Panjenengan sampun mastani, bilih Kula punika ratu. Inggih punika prelunipun Kula lair lan inggih punika prelunipun Kula dhateng donya, supados Kula neksenana ing kayektosan; sinten tiyang ingkang aslinipun saking kayektosan mesthi mirengaken swara Kula.”

38a. Pangandikane Sang Pilatus: “Kayektosan punika punapa?”

38b. Sawuse ngandika mangkono, Sang Pilatus tumuli miyos manggihi wong-wong Yahudi maneh sarta ngandika: “Mungguh ing aku Wong iki ora ana kaluputane apa-apa.

39. Nanging kowe padha duwe adat, samasa riyaya Paskah kowe padha daklilani nyuwun luware wong siji. Kang iku apa karepmu kang daklilakake marang kowe ratune wong Yahudi?”

40. Ing kono wong-wong padha mbengok maneh: “Sampun Piyambakipun, Barabas kemawon!” Anadene Barabas iku sawijining begal.

maca bab lengkap Yokanan 18