Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 18:23-36 Kitab Sutji (JAV)

23. Gusti Yesus tumuli mangsuli pangandikane: “Manawa tembungKu iku luput, tuduhna lupute, nanging manawa bener sabab apa kowe kok napuk Aku?”

24. Gusti Yesus banjur kapurugake kalawan bebestan menyang ing ngarsane Sang Kayafas kang jumeneng Imam Agung.

25. Simon Petrus isih ngadeg api-api. Tembunge wong-wong kang ana ing kono marang Petrus: “Dika rak enggih panunggalane sakabate, ta?”

26. Petrus selak, pangucape: “Sanes.” Sawijine abdine Imam Agung, kalebu sanake kang kaperung kupinge dening Petrus, tumuli calathu: “Napa kula boten weruh dika wonten ing pataman sareng kalih Wong niku?”

27. Petrus banjur selak maneh lan nalika iku ana jago kluruk.

28. Gusti Yesus banjur diladosake saka ing daleme Imam Agung Kayafas menyang ing gedhong pangadilan. Nalika iku wayahe isih esuk. Kang ngladosake mau padha ora lumebu dhewe ing gedhong pangadilan, supaya aja kongsi kena ing najis, awit arep padha mangan Paskah.

29. Mula Sang Pilatus kang miyos, sarta ngandika: “Panggugatmu marang Wong iku bab prakara apa?”

30. Wong-wong mau padha mangsuli ature: “Manawi Tiyang punika sanes durjana mesthi boten kula ladosaken dhateng Panjenengane!”

31. Dhawuhe Sang Pilatus: “Wis gawanen, patrapana miturut angger-anggering Toretmu.” Ature wong-wong Yahudi: “Kula boten sami kawenangaken matrapi paukuman pejah dhateng tiyang.”

32. Kang mangkono iku supaya kayektenana pangandikane Gusti Yesus, kang dipangandikakake kagem mratelakake kapriye patrap bakal sedane.

33. Sang Pilatus banjur lumebet maneh ing gedhong pangadilan, nuli nimbali Gusti Yesus sarta ngandika: “Punapa Panjenengan ratunipun tiyang Yahudi?”

34. Wangsulane Gusti Yesus: “Pangandika panjenengan makaten punika punapa saking panggalih panjenengan piyambak, punapa wonten tiyang sanes ingkang munjuk makaten dhateng panjenengan bab ing ngatasipun Kula?”

35. Wangsulane Sang Pilatus: “Punapa kula punika tiyang Yahudi? Bangsa Panjenengan piyambak lan para pangajenging imam ingkang ngladosaken Panjenengan dhateng kula; Panjenengan tumindak punapa?”

36. Gusti Yesus mangsuli: “Kraton Kula boten saking donya punika; manawi kraton Kula saking donya punika, mesthi tiyang-tiyang Kula sami lumawan ing perang, supados Kula sampun ngantos kaulungaken dhateng tiyang Yahudi. Nanging kraton Kula boten saking ngriki.”

maca bab lengkap Yokanan 18