Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 18:10-25 Kitab Sutji (JAV)

10. Simon Petrus kang asikep pedhang, banjur ngunus pedhange, disabetake marang abdine Imam Agung, kupinge kang tengen perung. Abdi mau jenenge Malkhus.

11. Gusti Yesus tumuli ngandika marang Petrus: “Pedhangmu wrangkakna; apa Aku ora kudu ngombe isine tuwung peparinge Sang Rama marang Aku?”

12. Prajurit sapantha lan opsire dalah para tukang jaga, kang dikongkon dening wong Yahudi banjur nyekel Gusti Yesus tumuli kabesta,

13. banjur kadhabyang kajujugake dhisik menyang daleme Sang Hanas, awit iku marasepuhe Sang Kayafas, kang jumeneng Imam Agung ing taun kang lumaku iki;

14. lan iya Imam Agung Kayafas iku kang maune ngrembugi wong-wong Yahudi: “Luwih maedahi manawa wong siji mati kanggo sakabehing bangsa.”

15. Simon Petrus karo sakabate siji liyane ngetutake Gusti Yesus. Sakabat kang bebarengan karo Simon Petrus iku wanuh karo Imam Agung, iku banjur mlebu menyang platarane Imam Agung bareng karo Gusti Yesus,

16. nanging Petrus kari ana ing jaba cedhak regol. Murid liyane kang wanuh Imam Agung mau, tumuli metu maneh, caturan karo wong wadon kang tunggu regol, Petrus banjur diajak mlebu.

17. Abdi wadon kang tunggu regol mau tumuli calathu marang Petrus: “Dika niku rak enggih panunggalane sakabate wong niku, ta?” Wangsulane Petrus: “Sanes.”

18. Ing nalika iku para abdi lan para tukang jaga Padaleman Suci wus padha gawe bedhiyang marga ing wektu iku hawane adhem, wong-wong iku padha ngadeg api-api ana ing kono. Petrus uga ngadeg api-api awor karo wong-wong mau.

19. Ing kono Imam Agung banjur wiwit ndangu marang Gusti Yesus bab para sakabate lan bab kang diwulangake.

20. Wangsulane Gusti Yesus: “AnggonKu mituturi jagad iku ana ing ngedhengan: AnggonKu mulang ing salawase ana ing papan-papan pangibadah utawa ing Padaleman Suci, yaiku papan pakumpulane kabeh wong Yahudi; Aku ora tau rembugan apa-apa kalawan dhedhelikan.

21. Apa sababe kowe takon marang Aku? Takona marang wong-wong iku, kang wus padha krungu apa kang Dakkandhakake marang wong-wong iku. Iku wus padha nyumurupi temenan apa kang Dakkandhakake.”

22. Nalika Panjenengane ngandika mangkono iku, panunggalane para tukang jaga kang ngadeg sacedhake kono, banjur napuk pasuryane Gusti Yesus kambi calathu: “Mangkono iku saurMu marang Imam Agung?”

23. Gusti Yesus tumuli mangsuli pangandikane: “Manawa tembungKu iku luput, tuduhna lupute, nanging manawa bener sabab apa kowe kok napuk Aku?”

24. Gusti Yesus banjur kapurugake kalawan bebestan menyang ing ngarsane Sang Kayafas kang jumeneng Imam Agung.

25. Simon Petrus isih ngadeg api-api. Tembunge wong-wong kang ana ing kono marang Petrus: “Dika rak enggih panunggalane sakabate, ta?”

maca bab lengkap Yokanan 18