Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 17:16-26 Kitab Sutji (JAV)

16. Pinangkanipun tiyang-tiyang punika boten saking jagad, kadosdene pinangka Kawula punika inggih boten saking jagad.

17. Mugi sami Paduka sucekaken ing salebeting kayektosan; pangandika Paduka inggih punika kayektosan.

18. Kadosdene Paduka sampun ngutus Kawula dhateng ing jagad, makaten ugi Kawula inggih kengkenan tiyang-tiyang punika dhateng jagad;

19. sarta Kawula nucekaken badan Kawula kangge tiyang-tiyang punika, supados ugi sami kasucekna wonten ing kayektosan.

20. Lan boten namung kangge tiyang-tiyang punika kemawon anggen Kawula ndedonga, nanging ugi kangge tiyang-tiyang ingkang pitados dhateng Kawula margi saking piwulangipun,

21. supados sadayanipun sami dadosa satunggal kadosdene Paduka, dhuh Rama, wonten ing Kawula, sarta Kawula wonten ing Paduka, supados inggih sami dadosa satunggal kaliyan Paduka lan Kawula, supados jagad pitados, bilih Paduka ingkang ngutus Kawula.

22. Lan Kawula sampun nyukakaken kamulyan, ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula, dhateng tiyang-tiyang punika, supados sami dadosa satunggal, kadosdene Paduka kaliyan Kawula inggih dados satunggal:

23. Kawula wonten ing tiyang-tiyang punika sarta Paduka wonten ing Kawula supados sampurnaa anggenipun dados satunggal, sarta supados jagad sumerepa, bilih Paduka ingkang sampun ngutus Kawula saha bilih tiyang punika sami Paduka kasihi kadosdene anggen Paduka ngasihi Kawula.

24. Dhuh Rama, ingkang dados pikajeng Kawula, Kawula wontena ing pundi kemawon, tiyang-tiyang punika tansah nunggila kaliyan Kawula, inggih punika tiyang-tiyang ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula punika, supados sami nyawang dhateng kamulyan Kawula peparing Paduka. Awit Paduka ngasihi Kawula wiwit saderengipun jagad tinalesan.

25. Dhuh Rama ingkang adil, jagad punika pancen boten wanuh dhumateng Paduka, nanging Kawula wanuh kaliyan Paduka, sarta tiyang-tiyang punika sumerep, bilih Paduka ingkang sampun ngutus Kawula;

26. punapa dene Asma Paduka sampun Kawula sumerepaken dhateng tiyang-tiyang punika sarta inggih badhe Kawula sumerepaken, supados sih ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula punika wontena ing tiyang-tiyang punika, sarta Kawula inggih wontena ing tiyang-tiyang punika.”

maca bab lengkap Yokanan 17